Jawaban Soal: Sebutna Unsur Intrinsik Cerkak

Sebutna Unsur Intrinsik Cerkak

Soal: sebutna unsur intrinsik cerkak!

Jawab: Cerkak utawa cerita cekak kuwi diwangun saka pirang-pirangane bagean (unsur) kang diarani unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

Unsur intrinsik yaiku unsur sing ana ing njerone crita.

Dene unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana sanjabane crita.

Nanging ing tulisan iki sing bakal dirembug anamung unsur intrinsik cerkak wae. Unsur ekstrinsik bakal ana ing edisi artikel sabanjure.

Dadi, unsur intrinsik cerkak iku ana pitu (7) yaiku dumadi saka: tema, alur, latar, paraga, amanat, sudut pandang lan basa.

  1. Tema yaiku idhe baku utawa gagasan baku jroning crita.
  2. Alur yaiku urutane kedadean jroning crita.
  3. Latar yaiku babagan papan, wektu lan swasana jroning crita.
  4. Paraga yaiku wong kang diceritaake. Saben saben paraga nduweni watak dhewe kanggo mbedaake paraga siji lan paraga liyane.
  5. Amanat yaiku piw isine piulang lan pitutur luhur kang kinandhut jroning cerita.
  6. Sudut pandang yaiku posisine pangripta jroning cerita utawa carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh lan bisa dadi pengamat ing sanjabane crita.
  7. Basa yaiku gegayutan karo gaya basa sing digunaake jroning crita.

Waca Uga: Unsur Intrinsik lan Ekstrinsik Drama Basa Jawa

Hiya iku jawaban kanggo soal basa Jawa lan jlentrehane.

Sampun nggeh mugi mugi manfaat kanggo kanca kanca kabeh, matur nuwun.

RECOMMEND :  √125 Arane Kembang Bahasa Jawa SUPER LENGKAP!

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *