√35 Istilah Istilah Jroning Drama Basa Jawa

Istilah jroning drama basa Jawa – prekara sing asring ditakokake nalika sinau babagan drama tradisional Jawa yaiku istilah istilah jroning drama.

Sejatine istilah jroning drama nganggo basa Jawa persis padha karo basa Indonesia, nanging biasane bocah-bocah bingung arep nerjemahake dadi basa Jawa.

Dadi ing ngisor iki ana sawetara definisi istilah drama basa jawa, muga-muga bisa migunani.

  • Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita drama wiwit saka prolog, klimaks, nganti tumakane pungkasa crita. Waca: Unsur intrinsik drama.
  • Asisten sutradhara yaiku wong sing mbiyantu ugase sutradhara.
  • Audience yaiku wong wong sing padaha nanonton pagelaran drama.
  • Backdrop yaiku Latar mburi minangka layar mburi. Kain sing bisa digulung utawa diangkat lan diturunake lan nggawe latar mburi panggung.
  • Casting yaiku pamilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama
  • Dialog yaiku pacelathon ing crita drama
  • Epilog yaiku pesen sing diucapake ing panutupe crita drama
  • Flashback yaiku crita drama sing lumakune mundur
  • Figuran yaiku paraga drama sing mung dienggo ganep-ganepan wae.
  • Gesture yaiku gerakan utama, yaiku gerakan tangan, sikil, sirah lan awak umume sing ditindakake pemain.
  • Improvisasi yaiku mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondhisi.
  • Konflik yaiku pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane ing drama
  • Kostum yaiku minangka sandhangane para pemain sing dienggo nalika mainake tokoh crita ing panggung.
  • Layar yaiku minangka kain tutup panggung ngarep sing bisa dibukak lan ditutup yen dibutuhake. Ora kabeh tahap dilengkapi layar.
  • Lighting yaiku tata lmapu jroning pagelaran drama.
  • Mimik yaiku obah mosike polatane para paraga jroning main drama
  • Monolog yaiku paraga drama nalika guneman ijeng ing panggung
  • Montase yaiku iguh pratikel anggione mernata pagelaran drama.
  • Panggung yaiku panggonane paraga meragaake drama. Biasane digawe luwih dhuwur tinimbang kursi pamirsa, dadi pamirsa jog mburi bisa uga nonton apa sing ditampilake para aktor ing panggung.
  • Paraga yaiku tokoh ing crita drama
  • Paraga protagonis yaiku paraga sing kadhapuk tumindak becik ing crita drama
  • Paraga antagonis yaiku paraga sing kadhapuk tumindak ora becik/ala ing crita drama
  • Paraga tritagonis yaiku paraga sing minangka dadi panengah antarane paraga utama karo paraga antagonis.
  • Plot yaiku lelakune crita jroning drama
  • Prolog yaiku purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog
  • Setting yaiku panggonan lan wektu dumadine crita drama, utawa tatacara panataning panggonan utawa panggung.
  • Skeneri yaiku paesan sing ndhukung lan ningkatake swasana drama.
  • Skenario yaiku naskahe drama utawa sandhiwara.
  • Sinopsis yaiku ringkesane crita drama. 
  • Sutradara yaiku wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama.
  • Wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama yaiku sutradara.
  • Pesen sing diucapake ing panutupe crita drama yaiku epilog.
  • Pamilihan paraga/tokoh sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama yaiku casting.
  • Paraga panengah antarane paraga protagonis lan antagonis arane paraga tritagonis.
  • Purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog diarani prolog.
  • Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane ing drama diarani konflik.
  • Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane diaranai konflik.
  • Pamilihan paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama arane casting.
RECOMMEND :  √125 Contoh Tembung Entar (Pengertian, Teges dan Contoh Ukara)

Mangkene ulasan babagan istilah istilah drama basa Jawa. Muga-muga bisa migunani kanggo kabeh sing maca. Matur suwun.

Sumber: PBT Bahasa Jawa kelas 9 Semester Ganjil Dening Tim Bakti Guru Kab Blitar

http://ilmurrobot.blogspot.com/2014/09/bahasa-daerah-jawa.html

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *