√ Pariwara Basa Jawa: Pangerten, Jenis lan Tuladha

Pariwara Basa Jawa, Padukata.com – Jaman saiki, pariwara wis dudu perkara sing aneh maneh. Saben dina kita sarat pariwara, wiwit tangi turu nganti turu maneh.

Ing televisi, koran, internet, spanduk, brosur, kabeh nggawe pariwara.

Nanging sebenere pariwara iku apa? Apa ya gambar lan tulisan sing uapik uapik kae?

Tur, apa pariwara ing basa Jawa lan basa Indonesia padha? mula, kanggo mangsuli, ayo gatekna panjelasan pariwara basa Jawa ing ngisor iki kanthi tliti.

Pariwara Yaiku

Pariwara yaiku mujudake pesen utawa pawarta sing isine tawa-tawa utawa promosi sawijining barang, jasa, lan perusahaan marang para konsumen lan calon konsumen.

Pariwara uga diarani iklan ing Basa Indonesia. Dadi, pariwara iku padha karo iklan.

Lumrahe pariwara dipasang ing media massa kayata majalah, koran radio, televisi lan internet.

Isine pariwara yaiku nawaake utawa ngrayu marang wong liya supaya gelem nuku utawa gelem nggawe utawa nggunaake barang utawa jasa sing ditawake.

“Dadi, tujuaane pariwara yaiku nawaake utawa ngrayu marang wong liya supaya gelem nuku produk utawa jasa.”

Jroning nawaake, mamerake, apa dene ngajak marang para konsumen jroning pariwara iku lumrahe kanthi mamerake keunggulane utawa kaluwihane barang sing di tawaake supaya sapa bae sing ndheleng utawa ngrungokaake kena pangaribawane (kena pengaruhee).

Nah, jenis pariwara iku macem macem. Sabanjure bakal di jelasna ing ngisor iki.

Tujuane Pariwara

Guna, paedah lan tujuane iklan yaiku:

  1. Menehi informasi apa wae marang wong akeh.
  2. Ngrayu marang wong liya supaya bisa ketarik.
  3. Ngelingkae marag wong liya supaya tansah bisa eling.
  4. Menehi nilai tambah marang samubarang kang diiklanake.
  5. Ndukung usaha promosi liyane.

Jenis Pariwara

Jenise Pariwara utawa iklan iku bisa diperang dadi maneka warna, ana sing adhedhasar sifate, ana sing adhedhasar tujuanne, lan ana sing adhedhasar media sing digunaake kanggo masang iklan kasebut.

RECOMMEND :  √5 Sandhangan Wyanjana Aksara Jawa (Pengertian, Gambar & Contoh)

Adhedhasar Sipate

Jenis pariwara diperang kamangka adhedhasar sipate. Pariwara adhedhasar sipate dibagi dadi loro yaiku.

  • iklan komersil (iklan dodolan)

Iklan komersil yaiku iklan sing sing digunaake kanggo narik kawigatene wong akeh utawa masyarakat supaya bisa kapikut (tertarik) kanggo nuku nduweni, lan nggunaake barang sing ditawaake.

  • Iklan sosial (iklan layanan masyarakat)

Iklan sosial yaiku iklan sing digunaake kanggo narik kawigatene wong akeh utawa masyarakat supaya bisa nduweni rasa simpatik utawa gelem aweh panyengkuyung marang sawijining program sing di iklanake.

Adhedhasar Tujuane

Adhedhasar tujuane pariwara iku dibagi dari loro, yaiku:

  • Pariwara tawa-tawa (penawaran)

Pariwara tawa tawa yaiku nawake sawijining jasa supaya wong sing ditawani bisa kesengsem akhire gelem nggunaake jasa sing di tawaake.

  • Pariwara wara Wara (pengumuman)

Pariwara wara wara yaiku ngabari utawa aweh weruh babagan tartamtu kang wigati supaya wong liya mangerteni babagan sing di warak-waraake (diwartaake).

Adhedhasar Media sing Digunaake.

Jenis pariwara kang nomer telu yaiku adhedhasar media sing digunaake. Miturut media sing digunaake, pariwara iki dibagi dari loro uga yiku:

  • Iklan Cithak

Iklan cithak utawa pariwara cetak yaiku iklan sing mung bisa diwaca lan dideleng merga wujude tulisan lan gambar kang di wartaake lumantar media cetak.

Kang klebu media cetak umpamane lumantar majalah, koran, tabloid, brosur lan sakpanunggalane.

  • Iklan Elektronik

Pariwara elektronik yaiku iklan sing bisa diwaca di dheleng, lan di rungokake.

Kang kalebu media elektronik yaiku radio, televisi internet lan liya liyane.

  • Iklan Khusus

Iklan khusus yaiku pariwara sing mediane nggunaake panggonan khusus kayata baliho, spanduk, poster lan liya liyane.

Contoh Pariwara Basa Jawa

Pancen, sajrone jaman saiki, iklan utawa pariwara akeh akeh nggawe basa Indonesia lan Inggris, mula rada angel golek pariwara basa Jawa.

RECOMMEND :  √47+ Contoh Tembung Lingga Lengkap (Pengertian, Jenis dan Latihan)

Nanging aja padha sumelang, iki sawetara conto pariwara basa Jawa sing bisa digunakake kanggo referensi.

  • Contoh pariwara basa jawa omben omben utawa minuman.

Okky Jelly Drink! Ngelak ilang, ngeleh ilang!

  • Contoh pariwara basa Jawa panganan.

Pepsi : Rebo spesial diskon 50%, Sing dobel tansah nggawe wareg!

Pariwara Basa Jawa
  • Contoh pariwara basa Jawa obat.

Antangin: wes sewes bablas angine.

Pariwara Basa Jawa
  • Contoh iklan basa Jawa kertu SIM

XL: Rego paling murah! Sinyal apik lancar … nyambung teruss!

Pariwara Basa Jawa
  • Lan sapiturute

Nah, menawa iseh kurang jelas bisa ditakokake ing kotak komentar. Uga, yen contoh pariwara ing dhuwur iseh kurang akeh, sampeyan bisa waca artikel sabanjure yaiku contoh pariwara basa Jawa.

Matur suwun uwis maca kanthi akhir muga artikel cekak iki bisa migunani.

artikel iki gegandhengan

pariwara
pariwara yaiku
pariwara adalah
pariwara dalam bahasa jawa
pariwara komersial yaiku
pariwara yaiku padha karo
pariwara uga diarani
pariwara artinya

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *