√25 Tuladha Ukara Sananta Lengkap!

Tuladha Ukara Sananta Lengkap – wingi, kita ngrembug babagan ukara pakon lan ukara andharan, sabanjure ing kesempatan iki, kita uga bakal mbahas jenising ukara, yaiku ukara sananta.

Ukara sananta yaiku ukara sing isine karep utawa pepenginan utawa rencana sing durung kena dipestheake kelakone.

Sumber liyane napsirake yen ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, sedya utawa karep.

Kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.

Nah, ing ngisor iki ana sawetara 25 tuladha utawa contoh ukara sananta kanggo bahan sinau.

Tuladha ukara sananta:

  1. Suk sasi ngarep aku arep budhal maneh menyang perenge gunung Kelud.
  2. Aku mengko diajak arep diajak Pak Kardi menyang warunge mbah Jum.
  3. Sesuk awan aku arep golek jeruk siem ah.
  4. Kareben lulus ujian, aku kudu sinau mempeng pendak bengi.
  5. Aku arep korah korah, kowe aja ngajak gosip wae.
  6. E, dak dolan menyang daleme simbah,menawa disangoni. 😀
  7. Tinimbang ndomblong, dak gawe cemilan, ah!
  8. Peh lemari kaya susuh ngene, sesuk tak resiki wae.
  9. Dhuwit iki arep tak celengi kanggo riyayan wae.
  10. Kudune aku mbesuk yen ditakoni meneng wae timbang tukar padu.
  11. Mbesuk aku ora arep liwat dalan iku maneh.
  12. E aku tak sregep latihan, lombane bal balan minggu iki.
  13. Karepku ya budhal tahlil iki, tapi kok udan ae ya.
  14. Aku arep menyang Lampung mbesuk April.
  15. Aku bakal adus yen mengko kringeten wae.
  16. Sesuk tangi isuk ae lah tinimbang telat maneh.
  17. Sasi ngarep aku melu ning sawitan.
  18. Mengko bengi aku malem mingguan karo Handoyo.
  19. Tinimbang ngakon wong, arep tak urus dewe lah STNK ku.
  20. Kepinginanku mben bisa mbiyantu puskesmas ing pedalaman.
  21. Wedok ngene gegayuhanku paling gedhe pengin tuku ninja, ben gaul ngono kae.
  22. Gegayuhanku ora muluk, pokok pengin sugih duit ra ndue utang.
  23. Aja ngangkoni ae ta mas, aku arep ndeleng sinetron iki.
  24. Mengko kayane udan, kayune tak lebokne kandang wae.
  25. Rambutane kok abang abang, diunduh gawa nek pasar ae ya ben dadi duit.
RECOMMEND :  Wacan Deskriptif Yaiku: Titikan, Jinis lan Tuladha (Basa Jawa)

Tuladha Ukara Sananta Lengkap Wusana, yaiku lah tegese lan contoh utawa tuladhane ukara sananta. Muga muga bisa manfaati kanggo kanca kanca kabeh. Matur nuwun.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *