√125 Contoh Tembung Entar (Pengertian, Teges dan Contoh Ukara)

Tembung entar – kali ini masih di edisi tembung-tembung dalam Bahasa Jawa. Ini adalah edisi ke tujuh dan akan membahas tembung entar.

Tembung entar telah memberikan kontribusi kekayaan bahasa. Ada banyak sekali tembung entar dalam bahasa Jawa, begitu juga dengan tembung entar yang berunsur nama bagian tubuh manusia. Penggunaan tembung entar memiliki fungsi estetika serta alasan.

Nah, untuk mengetahui lebih lanjut, ayo simak bersama pembahasan tembung entar di bawah ini.

Tembung Entar Yaiku

Tembung entar dalam bahasa Jawa merupakan kata yang memiliki arti bukan sebenarnya. Balam bahasa Indonesia, tembung entar ini seperti halnya ungkapan kiasan.

Tembung entar yaiku tembung silihan kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Tembung entar iki iso kedadean saka loro tembung utawa luwih kang digabung.

Artinya, tembung entar adalah kata pinjaman yang tidak bisa dimaknai dengan makna seadanya. Tembung entar tercipta dari dua kata atau lebih yang kemudian digabung.

Entar sendiri dari sisi bahasa berarti silih atau ampil, yang berarti meminjam. Meminjam makna maksudnya.

Misalnya seperti ini, kata adus (mandi) yang kita tahu adalah adus banyu (mandi air). Namun dalam tembung entar, kata adus akan dipinjam dan disandingkan dengan kata kringet (keringat). Jika sudah begini, bukan mandi keringat secara harfiah lagi, tapi maknanya adalah kerja keras.

Bukankah jika bekerja keras akan mengeluarkan banyak keringat? 🙂

Bukan adus keringet saja, masih ada ratusan tembung entar dalam bahasa Jawa, seperti yang tertulis dalam pepak Basa Jawa. Ini adalah tugas kita semua untuk mempelajari dan menggunakan tembung entar dan artinya.

Kamu juga bisa membuat tembung entar sendiri, misalnya ganteng sifatnya yang berarti baik hati. hehehe.

Fungsi Tembung Entar

Dalam kemasyarakatan orang Jawa, banyak sekali istilah kata yang diambil dari kata-kata kiasan. Hal seperti ini sesuai dengan karakter masyarakat Jawa yang kita tahu sangat menjujung tinggi adab ewuh pakewuh (sungkan), sehingga dalam berdialog baik dengan yang lebih muda, sepadan atau lebih tua sering menggunakan kata kiasan atau tembung entar ini.

Tembung entar membuat hal tersurat menjadi tersirat.

Dengan memilih kata kiasan, perasaan sungkan dan tidak enak dapat dihindari namun, pesan yang dimaksud tetap tersampaikan dengan baik.

Itulah orang Jawa dan segala sopan santunnya. 🙂

Ciri-Ciri Tembung Entar

Sebenarnya kita tidak membutuhkan ciri-ciri tembung entar. Ini karena jika kita jeli tembung entar yang tersisip dalam bacaan atau perkataan orang sangat mudah dikenali. Seperti ini klu-nya:

  • Biasanya terdiri atas dua kata.
  • Jika dimaknai secara apa adanya akan menimbulkan arti yang aneh atau bahkan tidak masuk akal sama sekali.
  • Mengandung satu kata sifat dan satu objek. Contoh sifatnya seperti abang, amba, ala dst. Objek bisa berupa kupinge, basane, rambute dst.
  • Biasanya tidak digunakan untuk bacaan anak-anak.

Contoh Tembung Entar lan Tegese

A

  1. Abang kupinge tegese nesu banget.
  2. (ng)abangke kuping tegese gawe nesu
  3. abang abang lambe tegese ora temenan, mung lelamisan
  4. abang raine tegese nandhang isin (wirang)
  5. adol ayu tegese ngendelake ayune
  6. adol bagus tegese ngendelake baguse
  7. adol gawe tegese ngatonake penggaweyane
  8. adol kringet tegese nyambut gawe
  9. adol kwanen tegese ngendelake kwanene
  10. adol krungon tegese golek golek warta/kabar
  11. adol sendhe tegese adol barang menyang gadhen
  12. adol umbag/umuk tegese akeh omonge, ning ora ana nyatane
  13. adus getih tegese tatune nemen banget
  14. adus kringet tegese nyambut gawe, abot banget
  15. adus luh tegese nemen anggone nangis
  16. akeh sandhungane tegese akeh alangane
  17. ala jenenge tegese kurang dipercaya
  18. ala kandhutane tegese ala watake
  19. ala tembunge tegese tembunge kasar/saru
  20. alus tembunge tegese kepenak dirungokake
  21. amba jangkahe tegese bisa ikhtiyar mrana-mrana
  22. apus krama tegese dibujuki/diapusi cara alus
  23. asor budine tegese bebudene ala
  24. asor yudane tegese kalah
  25. ati dhondhong tegese atine ala
  26. atine ana wulune tegese atine ala/dengki
RECOMMEND :  √ Panjelasan Pawarta Ariwarti & Kalawarti ing Basa Jawa

B

  1. (m)balang liring tegese nglirik mripat
  2. bau suku tegese abdi/batur
  3. bau tengen tegese wong kang dipercaya
  4. bening atine tegese sumeh
  5. (m)buang sangkal tegese ngilangi/mbuang apes
  6. (m)bukak wadi tegese ngandhakake wewadine
  7. (m)buang tilas tegese nutupi tumindake sing ala

C

  1. cagak lek tegese camilan supaya betah melek
  2. cagak urip tegese kanggo nyukupi kebutuhan uripe
  3. cancut taliwanda tegese tandang gawe
  4. cangkem gatel tegese seneng ngrasani/nggunem
  5. cedhak umure tegese gelis mati
  6. cepak jodhone tegese gelis oleh jodho
  7. cepak rejekine tegese gampang oleh rejeki
  8. cilik atine tegese kuwatir/wedi
  9. cupet atine tegese gampang nesu
  10. cupet budine tegese ora bisa nggayuh kautaman
  11. cupet jangkahe tegese ora bisa golek sarana
  12. cupet nalare tegese ora bisa mikirake werna-werna
  13. cupet pangandele tegese ora percaya

D

  1. dadi gawe tegese ngrepotake
  2. dawa-dawa uja tegese perkara kang ora uwis uwis
  3. dawa tangane tegese seneng nyolong jupuk
  4. (n)dhedher kautaman tegese nandur kebecikan
  5. dhuwur atine tegese gumedhe
  6. dhuwur pangkate tegese dadi wong pangkat/panguwasane

E

  1. empuk rembuge tegese guneme enak dirungokake
  2. entek atine tegese keweden/kuwatir banget
  3. entheng sanggane tegese ora rekasa
  4. entheng tangane tegese seneng tandang gawe

G

  1. (ng)gadho ati tegese gawe susah ati
  2. gantung kepuh tegese sandhangane ora tau ganti
  3. (ng)gantung untu tegese selak kepingin mangan
  4. gedhe atine tegese tatag; ora kuwatir
  5. gedhe endase tegese sombong (kemlungkung)
  6. gedhe omonge tegese umuk ora ana nyatane
  7. gedhe tekade tegese ora gampang pasrah
  8. (ng)gedhekake puluk tegese ora ana prihatine
  9. (ng)gegem tangan tegese kesed nyambut gawe
  10. gilig rembuge tegese rembugane pasti/mesti
  11. gilig tekade tegese tekade ora bakal mundur
  12. (ng)gilud kawruh tegese golek ilmu kanthi mempeng
  13. golek slamet tegese ati-ati supaya ora cilaka
  14. golek urip tegese nyambut gawe nggo nyukupi butuhe

I

  1. idu geni tegese omongan tansah kelakon
  2. ilat mati tegese ora bisa ngrasakake
  3. ilang klilipe tegese ilang mungsuhe

J

  1. jakalara tegese rikala nom-e rekasa
  2. jembar dhadhane tegese sugih pangapura; sabar banget
  3. jembar kawruhe tegese akeh ngilmune
  4. jembar kubure tegese mlebu swarga
  5. jembar polatane tegese sumringah
  6. jembar segarane tegese sugih pangapura; sabar
  7. jero kawruhe tegese akeh ngilmune; pinter

K

  1. kadalu warsa tegese kasep; wis kliwat
  2. kandel kulite tegese digdaya; sekti
  3. kandel kupinge tegese ora nggugu pitutur
  4. kaku atine tegese tansah ora sarujuk/sulaya
  5. kasar tembunge tegese tembung saru
  6. katon dhadhane tegese wani adu arep
  7. kegugah atine tegese sadar/eling
  8. kelepetan ala tegese katut ala
  9. kembang lambe tegese tansah digunem kebecikane
  10. kakehan tangan tegese kakehan sing nyandhak
  11. kembang urip tegese lelakone wong urip werna-werna
  12. kena tinenga-tenga tegese kena disambati
  13. kenceng karepe tegese kekarepane kudu keturutan
  14. kenceng tekade tegese tekade ora bakal mundur
  15. kulak warta tegese golek kabar/warta
  16. kuwat drajat tegese cocok dadi pemimpin/panguwasa
  17. kuwat isin tegese mblebes ora isinan
  18. kuwat mangan tegese mangane akeh
RECOMMEND :  √ Pariwara Basa Jawa: Pangerten, Jenis lan Tuladha

L

  1. lambe tipis tegese criwis/akeh omonge
  2. landhep dhengkul tegese kethul banget
  3. landhep pikirane tegese pinter banget; gampang ngerti
  4. lara ati tegese serik atine
  5. lara ayu tegese lara cacar
  6. lara owah tegese edan; gendheng
  7. larang pangan tegese paceklik
  8. lobok atine tegese sabar
  9. luhur budine tegese kelakuane becik/apik
  10. luhur drajate tegese dadi wong pangkat/panguwasa
  11. lurus lakune tegese jujur
  12. lumah tangan tegese ora gelem cawe-cawe
  13. lunyu ilate tegese guneme mencla-mencle

M

  1. manis eseme tegese esem ngresepakake ati
  2. manis rembuge tegese guneme nyenengake ati
  3. mara tangan tegese seneng gawe lara/milara
  4. masa bodhoa tegese pasrah
  5. mata dhuwitan tegese srakah marang dhuwit
  6. mata loro tegese mangro tingal
  7. mateni pangane tegese gawe ilang panguripane
  8. mateng kawruhe tegese mumpuni; kawruhe wis tutug
  9. mateng rembuge tegese guneme wis disarujuki
  10. mati sandhang pangane tegese ilang dalane golek panguripane
  11. mati raga tegese prihatin; tapa, tirakat
  12. medhot dalan tegese ora diterusake
  13. metani lupute tegese nggoleki salahe
  14. meres kringet tegese nyambut gawe mempeng
  15. meres pikir tegese temenan anggone mikirake
  16. mogel ilate tegese mangan sing sarwa enak
  17. mogol sinaune tegese ora tutug sekolahe
  18. murang tata tegese kurang ajar, ora duwe duga

N

  1. nandhang sungkawa tegese lagi susah
  2. nandur kebecikan tegese gawe kebecikan
  3. ngadu wuleding kulit tegese adu kekuwatan
  4. ngangsu kawruh tegese golek ngelmu/meguru/sekolah
  5. ngatonake siyunge tegese nuduhake kekuwatane/ kuwanene
  6. ngatonake dhadhane tegese umuk, sumbar
  7. ngekep dhengkul tegese nganggur ora nyambut gawe
  8. ngendhaleni hawa napsu tegese nyegah kekarepan ala
  9. ngepuh kringet tegese nyambut gawe mempeng
  10. ngemut driji tegese ora oleh apa-apa
  11. nyolok mata tegese ketara banget

O

  1. oleh ati tegese disenengi
  2. oleh gawe tegese kaleksanan
  3. oleh wirang tegese kisinan
  4. oleh lara tegese kalaran
  5. ora duwe ati tegese kuwatir banget, weedi
  6. ora melek tegese ora ngerti
  7. ora ngundhuh tegese ora oleh apa-apa

P

  1. padhang dalan tegese mlebu swarga
  2. padhang hawa tegese lair ing donya
  3. padhang langite tegese seneng
  4. padhang pikire tegese lega seneng
  5. padhang ulate tegese sumeh
  6. pait getire urip tegese warna-warna lelakone wong urip
  7. pait lelakone tegese urip rekasa
  8. panas atine tegese nesu banget
  9. pecah pamore tegese wis ngancik diwasa
  10. pecah pikir tegese wiwit bisa golek srana
  11. pedhes rembuge tegese guneme gawe serik
  12. perih atine tegese susah banget
  13. peteng atine/pikire tegese susah
  14. pingget atine tegese serik
  15. pulih getihe : pak-puk, ora kalah ora menang
  16. puput yuswa : mati, seda

R

  1. rai gedheg tegese ora duwe isin
  2. (ng)rengga praja tegese njaga negara
  3. (ng)rengga salira tegese dandan/macak
  4. runtuh atine tegese tuwuh welase
  5. rupak atine tegese cugetan/ora gampang ngapura
  6. rupak jagade tegese judheg; ora bisa mrana-mrana
RECOMMEND :  √ 5 Paugeran Tembang Macapat Beserta Contoh dan Penjelasannya

S

  1. sabuk gelang tegese sawahe akeh banget
  2. sepi kawruh tegese bodho/ora duwe ilmu
  3. sepi pamrih tegese ora duwe pamrih
  4. seret rejekine tegese ora gampang golek rejeki
  5. sesak dhadhane tegese mangkel/anyel
  6. sumpeg atine tegese susah/sedih

T

  1. tadhah kalamangsa tegese dipangan
  2. tadhah udan tegese lirangan gedhang sing dhuwur dhewe
  3. tatu atine tegese serik banget
  4. tanpa tilas tegese entek blas
  5. tipis lambene tegese criwis, seneng nggunem wong liya
  6. thukul pikire tegese nduwe akal
  7. thukul turune tegese nduwe anak

U

  1. udan tangis tegese akeh sing padha nangisi
  2. ulat peteng tegese katon nesu
  3. ulat manis tegese sumeh
  4. utang lara tegese tau nggawe laran wong liya
  5. utang nyawa tegese tau nggawe patine wong liya
  6. utang pati tegese tau nggawe patine wong liya
  7. utang wirang tegese tau nggawe wirange wong liya

W

  1. walang ati tegese sumelang/kuwatir
  2. wani mati tegese nekad/kendel banget
  3. wani silit wedi rai tegese ora wani terang-terangan
  4. weteng kadit tegese dremba/ora tampikan
  5. weteng karet tegese panganane akeh
  6. wedi getih tegese jirih/ora wani
  7. wedi kangelan tegese lumuh/kesed

Contoh Kalimat Tembung Entar

Sama dengan tembung garba, soal ujian untuk tembung entar biasanya siswa disuruh untuk mencari arti atau teges tembung entar atau kalau tidak begitu disuruh untuk membuat contoh kalimat yang mengandung tembung entar.

Perintah soalnya juga sama, seperti ini “gaweo ukara kang mawa tembung entar!”. Benar-benar hanya diganti jenis tembungnya hehehe (pengalaman sekolah 12 tahun :v)

Nah, jika kamu mendapat soal seperti ini, cus lihat contoh kalimat tembung entar di bawah ini.

  1. Apa bener yen Dursasana yen abdine salah dadi abang kupinge?
  2. Bocah saiki padha males sekolah amarga mung adol ayu pas nglamar kerjo.
  3. Jagoku kae pancen kendel, tarung sampek adus getih yo ora mundur.
  4. Budi kae masio jenenge Budiman nanging asor budine, ora sumbut.
  5. Ing dongeng kancil, macan pancen seneng buang tilas nanging konangan kancil terus-terusan.
  6. dadi kyai kuwi ora gampang kudu bening atine, jembar krawuhe lan istiqomah.
  7. Ora gumun yen Sriti kae cepak jodhone, pancen ayune sundul langit.
  8. Bandi pancen dawa tangane, wingi radio saiki jago.
  9. Dek, aja sok-sok percaya wong apa maneh modele kaya Bajigur, kuwi ngono lunyu ilate.
  10. Anggone nunggu sedino sewengi ora sia-sia, macan oleh angin banjur mlumpat lan nyakot gegere kebo kang lagi lewat.
  11. Gedhang seng dawane telung meter ing Prambon dadi kembang lambe dina-dina iki.
  12. Ora gampang mlebu universitas iki, mung bocah gedhe tekade sing ditampa.
  13. Wulan riyaya pancen dadi cobaan kanggo wong sing weteng karet, kudu nunggu mangan sedinoan.
  14. Mangsa panas ngenei iki rawan larang pangan, banyu angel sembarang-mbarang angel, mula kudu hemat.
  15. Pembangunan bendungan Loci wis mateng rembuge, sesuk penempatan batu pertama.

Baca juga : Contoh kalimat atau ukara menggunakan tembung garba!

Penutup

Demikian ulasan seputar tembung entar lengkap dengan pengertian, fungsi, ciri-ciri sampai teges dan contoh kalimatnya. Semoga ulasan ini dapat bermanfaat dan jangan lupa untuk tidak lelah mempelajari sastra bahasa Jawa. Sampai jumpa di artikel selanjutnya.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *