√ Contoh Geguritan Tema Lingkungan Paling Keren 2020

Geguritan Tema Lingkungan, Geguritan (puisi bahasa jawa) tema lingkungan yang dibacakan setiap tanggal 5 Juni, bertepatan dengan peringatan hari lingkungan hidup sedunia, merupakan wujud dukungan kita terhadap gerakan penyelamatan lingkungan.

Sub tema yang diangkat dalam geguritan dapat bermacam macam, seperti misalnya mengangkat masalah kerusakan lingkungan dan ajakan untuk memperbaikinya. Geguritan dapat juga menceritakan keindahan lingkungan baik itu lingkungan sekolah, desa, sawah, atau rumah.

Geguritan yang menceritakan sebuah obyek alam, seperti bintang, gunung, langit dan taman juga dapat dikategorikan sebagai geguritan bertema lingkungan.

Membuat geguritan bertema lingkungan sebenarnya bisa dibilang mudah, karena luasnya cakupan pembahasan yang dapat diangkat. Namun, jika kamu ingin fokus belajar membacakan puisi orang lain tanpa repot membuat terlebih dahulu, juga tidak masalah.

Berikut beberapa puisi bertema lingkungan yang dapat kamu jadikan pilihan untuk pertunjukannmu.

Geguritan Tema Lingkungan Alam

Jika kita membahas lingkungan, maka sudah pasti tidak lepas dengan wajah alam disekitar tempat kita tinggal.

Apakah kita hidup di lingkungan dengan bentang alam berupa pantai, persawahan atau pegunungan? Atau mungkin lingkungan kota yang ramai setiap hari.

Kita juga dapat bercerita tentang suasana yang ada. Apakah jika siang ramai dan ketika malam sepi, atau sebaliknya. Tentu setiap lingkungan memiliki perbedaan baik itu sedikit atau banyak.

Coba perhatikan beberapa contoh geguritan bertema alam dibawah ini.

Alam Kang Lestari

Kaanggit dening: Rikiega (Brainly)

Bukit-bukit kang ijo
Sawah-sawah kang selak kuning
Swara alang-alang kang gumrising
Ndadikna atikku ayem lan tentrem

Wit – witan kang rindang
Embun kang nyejukake ati
Lemah kang subur lan gembur
Alamku, alam kang apik lan agung

Swara tetembangan manuk sing mabur
Swara banyu kang netes-netes
Angin kang sumrisik ngrasuk ati
Pancen lestantun alamku

Alam kang adhem hawane
Alam kang endah isine
Alam kang bisa nentremake
Iki alamku, alam kang lestantun

Alam

Sumber: kampoengilmu.com

Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa

Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik

Bumiku

Sumber: Kampoengilmu.com

Kabentang indahe bumiku
Tan katon ijo royo-royo
Para kewan pada manut mring ndarane
Ana ing sawah anggarap siti

Nanging, saiki ora koyo mbiyen
Nanging, saiki bumiku wis rusak
Koyo-koyo wis ora ana ijo-ijoan meneh
Karono ulahe manungsa

Leno marang wektu
Lan nglirwakake kewajiban
Marang gusti,
Sing akaryo jagad

Wit-Witan Pinggir Dalan

Sumber: Kampoengilmu.com

Aku mlaku, nanging mripatku nyawang sliramu
Aku mandheg, sliramu malah ngguya-ngguyu
Saya edhum…
Saya seger lan ngresepake ati….

Nalika ngaso, sliramu sing dak ampiri
Nalika kesel, sliramu sing dak gawe sambat

Pang-pangmu bisa gawe sendhenan
Godhongmu sing ngrembuyung kaya dadi payung alam
Ngresep panas sing teka..
Ngalangi udan sing moro..

Nanging atiku nangis..
Nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan

RECOMMEND :  √ Ukara Camboran : Pangerten, Jenis lan Tuladhane

Got padha mudhal yen udane deres
Nanging lemahe padha nela yen udane ora teka

Ora ana maneh sing nyerep panase sang surya
Ora ana meneh sing ngalangi derese udan
Lan,
Ora ana maneh panggon iyupan sing biasane dak ampiri

Saiki…
Dak terusake lakuku
Nalika tak sawang bangunan iku,
Aku kelingan marang sliramu…

Oh…
Wit-witan pinggir dalan…

Dak enteni bibit penerusmu…

Wengi

Sumber: titikdua.net

Sunare sang bagaskara wanci ngadepke surup
Katan branang warna lembayung
Katan endah yen sinawang
Kanti esem sumringah sang bagaskoro bali marang paturone.
Nganti nganti dina candake saperlu madangi jagat roya.

Wengi…
Tanpa sunar…
Peteng tanpa lintang
Kanti ati kebak miris
Sikil jumangkah metu ing latar.

Tak sawang…
Lintang rembulan katutup mega
Mega klawu kanti guya guyu nuduhke pangusane
Yen lintang rembulan rinengkuh tan bisa uwal
Jagat peteng nora kwasa opo opo.

Tintrim…
Atis…
Anggegirisi…
Alon aku lumebu
Ing batin aku mung bisa ngucap
Muga kahanan wengi iki bisoa gumanti parak esuk kang edi peni.

Rembulan Tipis

Sumber: titikdua.net

Repepeh repepeh wus lumarap aneng tepine langit mangsa ketiga
Sang sitoresmi cemlurit ngabiyantara sedeku tumungkul konjem ing pertiwi
Sunare kebak pratandha rangu anggembol wadi kang kawekas
Lirih luruh ngarih arih angrerintih pocapane kasangkut pager wesi bebetenge rasa.

Wewadhul marang angin kang uga wus kalepyan ing janji
Amung pengin takon ana ngendi dununge prasapa kang wus tinali bakal dumadi
Napas-napas pangajab tansah ngesuk ing pambudi supaya anglari rakitane pradondi
Apa isih kudu semaya yen ta rembulan ndadari wus kapecak telung candra tanpa kandha.

Rembulan tipis ngempet tangis aneng kikising rasa kang wus kinalungan kalpika.

Malem Selasa Kliwon

Sumber: titikdua.net

Malem selasa kilwon
Kang gawa sakehe pitakon
Ing jagad tanpa payon
Para manungsa padha sesingitan.

Wengi iki tintrim
Wengi kang sepi
Angin kelangan laku
Kabeh kewan bisu.

Mendung sore mau, ilang
Kanthi gawa rintik-rintik,bubar
Hawa donya,kadya mulate dahana
Panas lan sumpeg ing jiwa.

Malem selasa kliwon
Apa bener, demit klayaban ?
Saenggo manungsa delik ing jero senthong
Supaya ora kadustho wewe gombel lan butho.

Malem selasa kliwon
Wengi kang tanpa rowang
Tanpa kanca, kanggo mbabar esem
Amung kathon peteng.

Lintang Panjer Rahina

Kanggit Dening: Slamet SA

Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki

Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji

Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa

Pesisir Wengi

Kaanggit dening: Lena Sutanti (Brainly)

Angin sumilir, lintang selaksa wulan anyuluh
Nipta hening ing pesisir
Senajan guruh ombak ora putus-putus

Nalika purnama manjer ing tengah langit
Ana rasa ngambang ing njero dodo
Lir angin kang nyusup dunyoku iki
Amok ombak njeroneng raga
Sirep dadi tentrem ing njero ndunya
Lego karya segoro
Setiya tanpo semoyo

RECOMMEND :  √ Tanggap Wacana Basa Jawa: Yaiku, Jenis lan Struktur Teks

Esuk-Esuk

Sumber: symbianplanet.net

Esuk…
Esuk iki
Gini, gimah, lan giman
Bar sarapan nyeruput wedang
Maring sawah ora ngitung wayah

Tumandang ngawe buruh tani maring Bu Khadijah
Mantun lan ndamel gubuk, tunggu manuk

Sawah

Kaanggit Dening: Ardianti Ambisius

Sawah…
Lemahmu kang ombo
Warnamu kang ijo
Penak disawang

Sawang…
Anggonku nandur pari
Saben dino pak tani ngeramut awakmu
Ana bekecot, ulo lan sapenunggalane

Sawah…
Yen ora ono kowe aku ora bisa mangan sego
Saben panen berasmu ngelumpok akeh
Aku ora bakal ngerusak kowe

Geguritan Tema Lingkungan Sekolah

Sebenarnya geguritan yang menceritakan lingkungan di sekolah adalah pilihan yang paling tepat.

Kamu dapat memberikan pujian untuk warga sekolah yang telah menjaga kelestarian lingkungan sekolah, atau sebaliknya memarahi dan mengingatkan mereka jika lingkungan sekolah kamu masih belum bersih.

Baca Juga: Geguritan Tema Pendidikan Mudah dan Singkat

Ketika membaca geguritan, secara otomatis kamu akan menjadi pusat perhatian dan didengarkan banyak orang, maka dari itu, sangat bagus jika kamu mengangkat tema lingkungan sekolah dan kelas.

Sabtu Bersih

Kaanggit Dening: Neiji Hyuga

Dina Setu ing wanci enjang
Suasono Tasih katon Remeng
Katambah Kluruk pitik kang gayeng
Katon Siswa SMP kang Nggrengseng

Wanci Sekolah miwiti pasinaon
Katah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjang kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti resek pasinaon

Namung tekat saiyeg saeka kapti
Yambut gawe bareng kanthi senengen ati
Tansah sehat kang diupadi
Lingkungan sekolah kang tetep asri

Sekolahku

Kaanggit Dening: Neiji Hyuga

Sekolahku…
Rupamu saiki duduk sekolah maneh
Nanging kowe saiki arupa panggonan kang rusuh
Kelas, pekarangan, pada karo kandange petek

Sekolahku…
Keadaanmu mulai bien ora berubah-berubah
Sampah-sampah sing kleleran tetep ora bisa di berantas
Kapan keadaanmu iso berubah… nasib… nasib…

Saiki sopo sing bisa di salahake…??
Tukang nyapu-nyapu wis di kerjo professional banget
Clotehan guru wis bekbanget ditokno
Lek ngno murid-e sing salah, ora bisa taat marang aturan

Jadwal wis digawekno lan ditempel ndek kelas
Kanggo murid supaya ngelasanakno tugas piket_e
Ora kanggo pajangan para cecek sing mrambat ndek tembok
Amarga iku laksanakno tugase dewe-dewe

Resik sekolahku
Enak belajarku
Konsen belajarku
Podo moro prestasine.

Geguritan Tema Lingkungan

Geguritan Tema Lingkungan Rumah

Lingkungan rumah juga merupakan lingkungan terdekat dengan kita, kamu dapat mengangkat tema ini untuk membangkitkan kesadaran menjaga lingkungan rumah.

Omahku

Sumber: symbianplanet.net

Omahku…
Mboten megah lan mboten mewah
Mboten magrong-magrong
Ananing saget kangge papan urip

Nalikane wang sekolah
Aku wangsul ten omahku
Disambut kalian bapak lan ibukku
Aku ugo saget leren ten kesel

Omahku pancen mboten gedhe
Ananging sanget ngelindungi saking panas
Saget ngelindungi saking udan
Omahku, istanahku….

Geguritan Tema Njaga Lingkungan

Njaga Lingkungan

Kaanggit dening: Fiaovi (Brainly)

lingkungan kudu dijogo
Supaya ora ono penyakit moro
Karesikan paling utomo
Amargo biso
Dadekake awak sehat lan tentreme dodo

RECOMMEND :  √ 15+ Contoh Tembang Sinom Beserta Arti, Watak dan Paugerannya

Mulane dadi manungso
Kudu bisa tumindak becik ojo
Sampek tumindhak olo
Supaya lingkungan tetep ono
Supaya anak putu bisa ngrasakno
Lingkungan kang endah ing dunyo

Kito sedoyo
Kudu ngramut kelestarian lingkungan
Ben ora ono pandangan
Kang nyepetno mripat sing nyawang
Ben enak dirasakke lan disawang
Dening kabeh makhluk kang urip

Geguritan Tema Lingkungan Daerah

Selain beberapa opsi teks geguritan diatas, kalian juga dapat menunjukkan keindahan lingkungan di daerah kalian, seperti obyek wisata yang terkenal di daerah kalian.

Cobalah untuk mengekspos point point yang membuat tempat tersebut layak dikunjungi.

Berikut contohnya.

Rawa Pening

Kanggit Dening: Fanny Kartika Fajriyani

Ngadeg jejeg ing tepining rawa
Suara endah angin krungu ana tainganku
Mecah kasunyian desa tepi rawa
angin kang sumilir
ana ing anatarane godhong-godhong
srenginge abang mbranang
saka kulon katon nyenengake
Nganti tibaning langit peteng

Angin ing kampungku sore iki
Prau-prau nelayan setya nunggoni tekane
diombang-ambingke ombak rawa
prau nelayan nggolek iwak ing padhanging rembulan
Praune katon katiup angin
Nanging nelayan kuwi ora wedi
amarga angin ombak dadi kancane saben dina

Petenge Wengi kang wis sepi nyeyet
Mbulan katon mlaku saka ngetan ke ngulon
Padhang mbulan madangi pelataran
Lintang-lintang katon gumebyar
kang ora kapetung driji
Madhangi Jagat kang uwis sepi

Geguritan Tema Lingkungan
panwis.com

Plesir Ing Purbalingga

Kaanggit Dening: Abbas CH

Udan gerimis lan uwis-uwis
Mbuang roso sebel sautawes
Nyambung tresno tanpo lamis
Ing Purbalingga sliramu wasis

Muga sirno cidro dino kepungkur
Murih ati tinanem roso syukur
Tresno muring keluarga nambah akur
Ing Guwo Lawa papan misuwur

Nadyan silarik bisa rinakit gurit
Ilang musno roso gelo lan sakit
Datan musno roso gelo lan sakit
Datan suka srei swara nyelekit
SMA Negri Karangdowo sangsoyo mlejit

Iki wes dadi tekat ing janji
Murih kabeh kadang sami nyawiji
Akur kuhur ngudi-budi pekerti
Siangkuyung sagung warga mesti

Syukurku maring Gusti Pangeran
Sagung warga tansah kasembadan
Tan mingkuh maring sewu pakaryan
Tangguh ing kewuh becik ing kewajiban

Geguritan Tema Lingkungan

Geguritan Tema Kerusakan Lingkungan

Alamku

Sumber: Symbianplanet.net

Alamku tansah nelongso…
Amergi menungso…
Sedanten wit ditegori…
Ngantos sami gundul sedanten…

Sitine podo nangis…
Amergi kapanasan…
Amergi mboten ditutupi
Kalih kabeh wit

Sedanten wit sami gundul
Ayo menungso sami-sami sadar
Podho ijoni wit-witanne
Supados alam mboten nelongso

Geguritan Tema Lingkungan

Bumiku Sampun Sepuh

Dening: Frisca Ramadhani

Ora nyangka, ora nduga, ora krasa
Bhumiku iki uwis ora enom
Yuswa punjul saka 4.500 miliar tahun
Tua, tua banget

Duh Gusti…
Kula dereng siap
Sangu kula dereng cekap
Amargi tasih kathah luput kula
Luput marang panjenengan, luput marang sepadan

Gusti
Kula tasih pengen ngrasakke dadi wong gedhe
nyenengake bapak kaliyan ibu
ndue anak lan putu
nganti mbesuk bisa mantu

Demikian kumpulan contoh geguritan tema lingkungan yang diambil dari berbagi sumber dan penyair, semoga dapat membantu, terimakasih.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *