√35 Contoh Ukara Sambawa: (Pangarep, Umpama lan Senadyan)

Ukara sambawa – Ing babagan sinau basa, sing jenenge huruf, suku kata (wanda) lan ukara iku mesti ana lan wajib dipelajari. Kabeh iku kamangka isine paramasastra.

Kita wis sinau babagan huruf jawa lan suku kata ing bab tembang macapat.

Kita uga wis sinau babagan ukara pakon, andharan lan sananta.

Siji maneh jinising ukara sing kadang kawolak walik karo ukara sananta yaiku ukara sambawa.

Iling ya, lan sananta iku ora padha.

Ukara sananta minangka ukara niat utawa kreteg utawa rencana, dene yaiku ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan.

Sabanjure, ing ngisor iki bakal dijelasne kanthi gamblang babagan ukara sananta, mula ayo di semak kanthi tenanan.

Ukara Sambawa Tegese

Ukara sambawa yaiku ukara sing isine pangarep arep, saumpama dan sanadyan (senajan).

Menawa ing basa Indonesia, iku padhane “kalimat harapan, perandaian dan pertentangan (meskipun).”

Ukara- racake migunakake tembung lingga sing diwenehi imbuhan: a, dak-a, kok-a, dak-ana, kok-ana, lan di-ana.

Tuladhane:

  • Udana sing deres, parine ben urip.
  • Nangisa kaya apa bantere yo ora bakal ditulungi.
  • Lunyua kaya apa aku tetep budhal menek.

Sakliyane nggawe imbuhan, paling gampang, tandhane yen ukara iku kalebu yaiku nggunaake tembung muga-muga, saumpana lan senadyan.

Tuladhane:

  • Muga muga bise durung budhal.
  • Saumpama iki mau ora telat, kabeh soale mari dakgarap.
  • Senadyan abot kaya apa, alate pancet dimomot pick up.

Ciri Ciri Ukara Sambawa

Ciri ciri ukara sambawa kayata:

  • Migunaake tembung muga muga, saumpama lan senadyan.
  • Migunakake tembung lingga sing diwenehi imbuhan: a, dak-a, kok-a, dak-ana, kok-ana, lan di-ana.
  • Biasane uga dipungkasi kelawan tandha pakon (tandha seru (!)).
  • Dipocapake kanthi datar.
RECOMMEND :  √15+ Watak Tembang Macapat, Arti dan Penjelasan

Contoh Ukara Sambawa

Ing ngisor iku tuladha utawa contoh mawa teges pangarep arep, senadyan lan saumpama.

Ukara Sambawa Pangarep arep

Ing ngisor iki contoh ukara sambawa pangarep arep utawa ukara sambawa muga muga:

  • Panasa ta klambiku ben ndang garing.
  • Udana ya pariku ben urip.
  • Budhala kerja isuk-isuk supaya oleh rejeki sing akeh!
  • Udana sing deres supaya bapak lan ibu ora sida lunga.
  • Turua sing angler supaya sesuk ora ngantuk nang sekolah!
  • Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.
  • Bapak kondura, aku bisa matur bab iki!
  • Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
  • Mundhuta jajan ya ibuku mengko, jalaran wetengku krasa luwe.
  • Digawakna jeruk sing legi, kena kanggo tamba ngelak.
  • Udana sing dêrês!
  • Udana kaé aku têtêp budhal kêrja.
  • Ndang muliha ta le, bapak gêrah!
  • Sinaua sing srêgêp ya Le bèn dadi wong pintêr!

Ukara Sambawa Umpama

  • Duwea sangu aku wingi tekan Bali
  • Sugiha dhuwit aku rak wis gawe omah
  • Budhala dhisik, aku ora sida ketinggalan kreta.
  • Udana deres, aku malah ora sida lunga.
  • Turua kawit isuk, aku ora kudanan nganti lara.
  • Udana kawit esuk , aku malah ora sida budhal menyang Surabaya.
  • Budhala esuk aku mau ora kepancal sepur.
  • akonana luputmu, kowe mau ora nganti didukani.
  • Dikancanana aku mau sida budhal saiki.

Ukara Sambawa Senadyan

  • Diwenehana klambi apik ya ora tau dianggo
  • Budhala isuk aku tetep kepancal sepur.
  • Udana deres aku tetep sida lunga nang Surabaya.
  • Turua kawit isuk aku tetep ngantuk.
  • Diombènana obat pêlangsing ya ora bakal cêpêt singsêt awaké.
  • Tinangisana nganthi semaput, dheweke ora bakal urip.
  • Bagusa kae yen ora tau gelem ngibadah ya padha wae aku ora seneng.
  • Awana kae ora ana wong liwat babar pisan, aku ya ora wani.
  • Bagusa kae yen ala aten-atene, ya tetep ora becik.
  • Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
RECOMMEND :  √125 Contoh Tembung Kerata Basa Beserta Arti dan Contoh Ukara

Cukup semene panjelasan babagan contoh, muga muga bisa mbiyantu kanca kanca sinau basa Jawa.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *