√45 Contoh Ukara Pakon: Pangerten, Jenis lan Ciri-Ciri

Contoh ukara pakon – Ukara iku wernane ana akeh, misale kayata ukara andharan, ukara pitakon, ukara pakon, ukara sananta lan ukara sambawa.

Kalawingi kita sampun mbahas bab ukara andharan, saiki kamangka lanjutane, kita bakal mbahas ukara pakon.

Materi pasinaonan bab ukara pakon iki kalebu pangertene, jenise lan terakhir contoh ukara pakon.

Supaya bisa paham, ayo disemak kanthi tliti.

Ukara Pakon Yaiku

Ukara pakon yaiku ukara kang surasane mrentah marang wong liya, supaya nindakake pagawean kaya karepe sing ngakon.

Ukara pakon uga diarani ukara prentah utawa ‘kalimat perintah‘ ing basa Indonesia.

Ukara pakon bisa awujud kongkonan sing banter (keras) utawa panjalukan sing alus.

Ukara pakon uga bisa ditafsirake dadi ijin kanggo wong supaya bisa nindakake apa-apa utawa syarat nindaake salah suwjining babagan.

Malah ukara pakon bisa nerangake tegese ejekan utawa sindiran lan ukara kanggo nyegah utawa nglarang.

Bedane ukara pakon ing basa Jawa lan Indonesia yaiku, kerana ing Basa Jawa kita ana aturan unggah ungguh basa mula menawa mrentah wong liya ya kudu didheleng sapa sing diajak guneman.

Mrentah bocah mesthi beda karo mrentah (waca: nyuwun) marang wong tuwa.

Kejaba iki, kudune awak dhewe tansah nggunaake tembung “tulung” menawa prentah wong, kui ngono minangka adab sopan lan santun.

Ciri Ciri Ukara Pakon

Kayadene ukara andharan, ukara pakon uga nduweni tandha utawa ciri ciri sing mbedaake karo ukara liyane.

Ciri ciri ukara diarani ukara pakon yaiku:

  1. Dipungkasi nganggo tandha prentah utawa pakon (!) menawa ing basa tulis.
  2. Migunaake -a, -en, -ana, dan -na.
  3. Wasesane di tulis sakdurunge jejer.
  4. Menawa di waca intonasi ne maleh dadi
    • datar terus munggah,
    • utawa mudhun ing pungkasan ukara.
  5. Jejere ora mesti katon.
RECOMMEND :  √ 35+ Sanepan Jawa Beserta Arti dan Fungsinya Paling Lengkap

Jenis Jenis Ukara Pakon

Jenising ukara pakon iku ana 5, yaiku:

  • Ukara pakon lumrah yaiku ukara pakon biasa.
    • Contoh: Jupukna tiwul kae Bud!
  • Ukara pakon pangajak yaiku ukara pakon sing isine ngajak pamidanget supaya nglakoni babagan kanthi bebarengan.
    • Contoh: Ayo enggal diresiki bebarengan kabeh uwuh iki!
  • Ukara pakon pamenging yaiku ukara pakon sing isine menging wong liya supaya ora ngelakoni sawijining tumindak.
    • Contoh: Aja rame-rame simbah lagi lara untu!
  • Ukara pakon paminta yaiku ukara pakon sing alus, kaya kaya a njaluk, nanging sejatine ngakon.
    • Contoh: Mbok sampeyan kuwi mengko dolan menyang omahku!
  • Ukara pakon panantang yaiku ukara pakon sing isine nantang utawa nyindir supaya wong liya ngelakoni sawijining tumindakan.
    • Contoh: Cabuten tulisan kuwi yen kepengin dikamplengi wong sekampung!

Contoh Ukara Pakon

Ing ngisor iki ana sawetara 45 contoh ukara pakon kanggo sinau kanca kanca.

Ana contoh ukara pakon mawa basa ngoko uga ana mawa basa krama.

Contoh Ukara pakon mawa basa krama:

  • Mangga cathetanipun panjenengan pirsani!
  • Panjenengan kula aturi ndherekaken Pak Sastra!
  • Wis enggal digarap!
  • Kula kinten, langkung sae tindak rumiyin!
  • Ayo enggal diresiki bebarengan barang-barang iki!
  • Mangga ta dipun srantos sawetawis!
  • Cobi kula aturi maos sekedhap!
  • Saenipun kula aturi nggatosaken pangandikan menika!
  • Bocah sekolah ore pareng ngrokok!
  • Tilaraken mawon menawi sampeyan mboten purun!
  • Panjenengan pundhut pelem menika sekajengipun panjenengan!
  • Sayogyanipun njenengan madosi ibunipun panjenengan wonten wana ngrika!
  • Sampun medal margi menika mas!
  • sampun sanjang seenak weteng sampeyan!
  • Sumangga kita jagi karesikan griya kita piyambak piyambak!
  • Mundhutaken priksalah kalih piyambakipun, tamtu piyambakipun nerangaken kalih sampeyan!
  • Sampun sare enjing, mboten sae kagem badan!
  • sampun mbengok, suaranipun sampeyan kapireng ngantos margi!
RECOMMEND :  √125 Arane Kembang Bahasa Jawa SUPER LENGKAP!

Contoh ukara pakon mawa basa ngoko:

  • Nal, tukua lawuh dhisik nyang warung kono le!
  • Jupukno bukuku dhik!
  • Tase jaiten ta mbak,sesuk tak gawe sekolah!
  • Kancamu gawakna onde onde!
  • Kowe lunga a!
  • Adusa dhisik, seng resikan dadi bocah!
  • Tutupen lawange Rat!
  • Sinta kon ngombe obat!
  • Ojo seneng nakal Den, mandak ra ndue kanca!
  • Dadi bocah sing manut bapak ibu!
  • Ora usah kakean polah! 
  • Kembange delehna pojokan latar!
  • Sepedane ndang tambalke!
  • Dolanane kancane balekke le!
  • Budi cepet melbu kelas, jajane disimpen!
  • Supaya aman, mas masanmu kuwi simpenen bae ana bank!
  • Bebekmu kuwi kandhangen bae, supaya ora dipangan asu!
  • Awakmu kuwi lara, mula saiki tambakna dhisik, Dhik!
  • Bapakmu iki wis tuwa, mula kowe kudu sing gemati!
  • Ojo keminter kowe!
  • Ayo kabeh budhal gugur gunung!
  • Mangan sacukupe, dolan sacukupe!
  • Marekna ujian basa jawa iki kanthi tliti!
  • Gawea contoh ukara pakon!
  • Mbok aku dijak ndeleng jaranan to pak!

Sampun, contoh ukara pakon iki minangka pungkasaning tulisan iki, ngapunten menawi ana salah, mugi mugi saget migunani kangge kanca kanca kabeh, matur nuwun.

Sumber lan Referensi

https://www.mingseli.id/2020/08/contoh-ukara-andharan-pakon-pitakon.html

http://herjawa.blogspot.com/2010/12/ukara-pakon-agnya.html

https://pendekarjawa.wordpress.com/ukara-pakon-kalimat-perintah-atau-imperatif/

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *