√ Ukara Camboran : Pangerten, Jenis lan Tuladhane

Pangerten Jenis lan Tuladhane, Padukata.comUkara camboran yaiku ukara sing andharane utawa gagasane rangkep, bisa dumadi saka rong ukara lamba utawa luwih.

Ukara camboran iku minangka kosok balenne ukara lamba.

Tuladha ukara camboran misale ukara ” Aku maca buku sastra, dene nulis layang ijin.”

Ing ukara kasebut ana jejer 2, wasesa 2 lan lesan 2.

  • Aku : Jejer 1
  • Maca: Wasesa 1
  • Buku sastra: Lesan 1
  • Ardi: Jejer 2
  • Nulis : Wasesa 2
  • Layang ijin: Lesan 2

Waca uga: Jejer wasesa lesan.

Jenise ukara camboran ana telu yaiku:

  1. Ukara camboran sadrajat
  2. Ukara camboran raketan
  3. Ukara camboran susun

Sabanjure bakal di terangna siji lan sijine, dadi ayo disimak kanthi cetha.

Ukara Camboran Sadrajat

Pangerten Jenis lan Tuladhane Ukara camboran sadrajat yaiku ukara camboran kang nggunaake tembung pangiket: lan, karo, dene, nanging.

Tuladaha ukara camboran sadrajat:

  • Adhik esuk mau nandur lan ngocori kembang.
  • Mbak Ari nggawa pulpen karo buku wae.
  • Mas Hadi adus dene adhik mangan ing mburi.
  • Bapak tindhak menyang kantor, dene Ibu tindak menyang pasar.

Ukara Camboran Raketan

Ukara camboran raketan yaiku ukara camboran kang salah siji perangane ukara padha, nanging mung dikandhaake sepisan.

Tuladha ukara camboran raketan kayata:

  • Mbak Nisa njaluk ditukokne klambi, adhine andhuk.
  • Mas Bahri budhale sesuk sore, Mbak Rahayu wis winginane.
  • Bapak mbabati jagung, ibu sing ngonceki.

Ukara Camboran Susun

Ukara camboran kang kaping telu yaiku ukara camboran susun.

Ukara camboran susun yaiku jenise ukara camboran sing salah siji perangane ukara isih bisa dumadi saka jejer lan wasesa.

Tuladha ukara camboran susun:

  • Pak Diki mapag Mbak Rahayu (ukara lamba), Wong sing ngagem jilbab kae mbak Rahayu. (ukara camboran)
  • Reni nyilih hairspray (ukara lamba), Reni nyilih alat sing dienggo nggaringne rambut.
RECOMMEND :  √ Contoh Geguritan Tema Ibu Paling Keren 2020!

Kuwi penjelasan babagan ukara camboran, muga bisa mbiyantu sinau bocah bocah kabeh, matur nuwun.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *