√57 Contoh Ukara Andharan: Pangerten, Jenis lan Ciri Ciri

Contoh ukara andharan – Ana macem-macem ukara ing basa Jawa.
Wiwit saka ukara pitakon, ukara pakon, ukara Sambawa lan liya liyane.

Ing kesempatan iki, kita bakal mbahas khusus ukara sing paling dhasar, yaiku ukara andharan. Mulai saka pangerten, ciri ciri lan contone.

Mula, kanggo ngerteni kanthi becik, ayo disemak kanthi tliti.

Ukara Andharan Yaiku

Ukara andharan yaiku ukara kang isine menehi katrangan marang wong kang diajak guneman utawa wong kang maca.

Ukara andharan uga diarani ukara pawarta utawa ukara carita.

Ukara pawarta yaiku ikara sing isine aweh kabar ngenani apa ta apa.

Ukara carita yaiku ukara seng isine nyeritaake kahanan.

Inti ukara telu mau padha yaiku arupa ukara kang menehi katrangan marang wong liya.

Tandha wacan kang digawe ing ukara andharan yaiku titik (.). Tandha wacan iki di seleh ana saben pungkasan ukara.

Nah, bab sing digunem ing ukara andharan uga werna werna upamane:

  1. nyritakake bab-bab kang mentas (aktual),
  2. nyritakake bab bab kang dirungu,
  3. nyritakake bab bab kang diwaca,
  4. nyritakake bab bab kang dideleng,
  5. nyritakake bab bab kang dirasa,
  6. menehi wawasan lan pitutur,
  7. nirokake gunem
  8. lan liya-liyane.

Ciri Ciri Ukara Andharan

Amarga nganggo tandha wacan titik (.) utawa mandheg, mula mula macane kanthi intonasi/ nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan.

Ukara andharan uga nduewi sifat informatif, artine nduweni sipat njelasake, nerangake.

Beda karo ukara liyane, ukara andharan bisa ngadeg dewe lan negesake teges kang jangkep.

Jenise Ukara Andharan

Jenise ukara andharan iku ana papat yaiku:

  • ukara andharan positif
  • ukara andharan negatif
  • ukara andharan langsung
  • ukara andharan ora langsung
  • Ukara Andharan Positif
RECOMMEND :  √ 17+ Contoh Tembang Megatruh: Pengertian, Watak, Contoh Lirik

Ukara andharan positif tegese ukara andharan iki ndueni makna positif (apik) kanggo wong kang maca, utawa diajak guneman.

Ukara andharan iki ora ndueni penolakan.

Contoh ukara andharan positif:

  1. Nalika kabukten korup, walikota milih mundur saka jabatane.
  2. Pak Dhe tumbas gedhang salirang namung limang ewu.
  • Ukara Andharan Negatif

Ukara andharan negatif minangka kosok balenen ukara andharan positif.

Ukara iki ngamot informasi pengingkaran utawa penolakan.

Contoh ukara andharan negatif:

  1. Sakabehing warga Sukosari ora pengin proyek apartemen iku diterusne.
  2. Omben-omben kang werna werni iku ora apik kanggo awak merga ana pewarna buatane.
  • Ukara Andharan Langsung

Ukara langsung yaiku ukara kang dipocapake langsung.

Ukara langsung uga diarani ukara kandha.

Contoh ukara andharan langsung:

  1. Bapak ngendhika, “Aku ameh tuku bakso”.
  2. Guru Ngendika “Dadi murid iku sing sregep sinau ben pinter.”
  • Ukara Andharan Ora Langsung

Ukara andharan ora langsung yaiku ukara ingkang nyeritakae omongane wong liya.

Conto ukara andharan ora langsung.

  • Ngendikane presiden, toleransi iku kudu dijaga.
  • Ngendikane polisi yen helm iku wajib dianggo.

Waca uga: Conto ukara lamba.

Sakliyane jenis ing dhuwur, tembung andharan uga ana sing nggawe basa ngono utawa basa krama inggil, tergantung karo sapa awak dhewe guneman lan sapa sing dadi pembaca tulisan.

Contoh Ukara Andharan

Ing ngisor iki ana sawetara contoh ukara andharan kanggo sinau.

Ukara andharan iki campur antarane ukara positif, negatif, langsung lan ora langsung.

Waca uga: Ukara camboran: Pangerten, ciri lan conto

  • Pak Guru Simo maringi PR kagem mbenjing.
  • Mbak Ratna mirsani TV wonten kamar.
  • Kembange mbak Wahyu akeh sing mati.
  • Masakanku yo mesti rasane enak.
  • Bu Rima arep nyalon lurah tahun iki.
  • Ana kecelakaan ing pertelon Krangsari winginane.
  • Bulik Riri tumbas jahe rong kilo.
  • Dimas gelut karo Edi ing sekolah, banjur dipisah satpam.
  • Ulangan basa Jawa soale gampang-gampang.
  • Aku lagi sinau jenis gamelan.
  • Wiwit tahun 2020 kabeh sekolah wes ngacakake ujian berbasis komputer.
  • Ora perlu sumelang, aku ngono jago gelutan.
  • Warga sekolah melu upacara bendera saben senin isuk.
  • Bapak pesen sego kucing karo sundukan limang macem.
  • Ing plataran kebak kembang karduk macem macem werna.
  • SD Kartini wis mbukak pendaftaran kanggo tahun ajaran 2020-2021.
  • Sarapan iku penting kanggo awak, mula aja sampek lali.
  • Kucing menika jenis kucing telon, tegese wernane ana telu macem.
  • Ibu wau dalu mboten sare amargi gerah waja.
  • Urutan kedadean jroning crita diarani alur.
  • Mas Dani kae wong apik, ora tau ngomongne eleke liyan.
  • Kabeh wong kang mampu iku pancen wajibe munggah haji.
  • Bab papat isine babagan nulis geguritan.
  • Dhalang wayangan mambeng Ki Kusumo saka Ponorogo.
  • Bayine dijenengi cekak nanging apik, Umar Musa.
  • Mbenjing ibu badhe cek gula darah wonten Lab Kaldani.
  • Mbah Marijan ngono kamangka juru kunci Gunung Merapi sing mbien.
  • Struktur teks basa Jawa lan Basa Indonesia iku meh padha.
  • Menawi mboten kesesa wasul tak pancingna iwak kali mas.
  • Liga 1 diwiwiti kanthi pertandingan antarane Arema lan Persipura.
  • Mas Aldy mampir pasar, banjur nyangking rambutan saiket.
  • Penyelenggara kandha marang wartawan manawa dheweke njaluk ngapura amarga ana acara sing ora dikarepake.
  • “Pejabat desa disaranake nganyari data populasi,” dawuhe Pak Camat.
  • Dalanan arah Tanjungsari Bladak bakal didandani sak durunge mangsa udan.
  • Acara pagelaran drama ing alun alun pancen apik banget, penontone uga meriah.
RECOMMEND :  √ 125+ Jenenge Anak Kewan Bahasa Jawa Paling Lengkap

Wasana, muga-muga panjelasan babgan ukara andharan, tembung andharan lan contone iki bisa mbantu, yen isih ana pitakon liyane, aja sungkan takon ing kotak komentar.

Artikel ini berkaitan dengan:

  • tembung andharan
  • tembung andharan iku ana sing kalebu tembung krama inggil yaiku
  • tembung andharan artinya
  • arti bahasa jawa andharan

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *