√ Tembung Tanduk lan Tembung Tanggap Ing Basa Jawa

Tembung Tanduk lan Tembung – Tembung iku jenise ana akeh. Ana seng dikelompokne menurut widyane tembung ( lingga lan andhahan) ana seng dibagi miturut wewangune tembung (garba, saroja, entar lan camboran) terakhir uga ana sing dibagi miturut aktif orane tembung.

Miturut aktif orane tembung, tembung ing basa Jawa dibagi dadi loro yaiku tembung tanduk lan tembung tanggap.

apa iku tembung tanduk lan tembung tanggap? lan kaya apa tuladhane? ayo disimak bareng bareng wacana ing ngisor iki. 🙂

Tembung Tanduk (Kalimat Aktif)

Tembung Tanduk Yaiku

Tembung tanduk miturut jv.wikipedia yaiku tembung lingga sajeroning Basa Jawa kang olèh ater-ater hanuswara.

ater-ater hanuswara / anuswara yaaiku ater ater kang nyiptakne swara ndengung ing irung arupa ng-, m-, ny-, lan n-.

Tembung lingga tegese tembung kang durung oleh imbuhan apa-apa. Sakbanjure, amarga oleh ater-ater rupa ng-, m-, n-, lan ny- tembung iku maleh ndueni teges ‘nglakoni’ utawa aktif.

Tuladha tembung tanduk:

  • ny- + sapu = nyapu
  • m- + pangan = mangan
  • n + tulis = nulis
  • ng + utus = ngutus

Perangane Tembung Tanduk

Tembung tanduk iki banjur diperang dadi 3telu supaya luwih gampang dipahami.

Tembung Tanduk Kriya Wantah

tembung tanduk kriya wantah yaiku tembung tanduk kang ora oleh panambang utawa akhiran. Tembung tembung iki amung ketambahan ater-ater wujud ng-, m-, ny-, lan n- ing ngarepe.

Tuladha / contoh tembung tanduk kriya wantah:

  • ngadeg
  • ndeleh
  • nyapu
  • maju
  • nyilih
  • mangan
  • maca
  • mlayu
  • mandeg
  • macul

Tembung Tanduk Ke – Kriya

Tembung tanduk ke kriya yaku tembung tanduk (aktif) kang oleh ater ater anuswara ing ngarep banjur ditambahi panambang ke utawa ake.

Tuladha tembung tanduk ke kriya:

  • nyilehake
  • ngalungake
  • maringake
  • nulisake
  • macake
  • nemuake
  • nggambarake
  • ndelehake
RECOMMEND :  √ 13+ Contoh Tembang Mijil (Sejarah, Watak, Paugeran dan Artinya)

Tembung Tanduk i- Kriya

Tembung tanduk i kriya yaiku tembung tanduk kang arupa tembung lingga kang mawa ater-ater anuswara rupa ng-, m-, ny-, n lan panambang i.

Tuladha tembung tanduk i kriya:

  • nulisi
  • nyaponi
  • nulungi
  • mbalangi
  • nguwenehi
  • ngguwaki
  • njipuki
  • nekani
  • makani
  • nyekeli
  • nutupi

Tembung Tanggap (Kalimat Pasif)

Sakwise sinau tembung tanduk, saiki awak dhewe sinau tembung tanggap kang uga klebu kosok balen saka tembung tanduk.

Tembung Tanggap Yaiku

Tembung tanggap yaiku tembung lingga kang oleh ater ater tripurusa. Tembung tanggap uga disebut kata aktif ing Basa Indonesia.

Ater-ater tripurusa jumlahe ana telu lan telu-telune rupane kata ganti yaiku:

  • dak- (ater-ater utama purusa): minangka sesulihe purusa l (kata ganti orang pertama).
  • kok- (ater-ater madyama purusa): minangka sesulihe purusa ll (kata ganti orang kedua).
  • di- (ater-ater pratama purusa: minangka sesulihe purusa lll (kata ganti orang ketiga).

Conto utawa tuladha tembung tanggap:

  • dakombe
  • koombe
  • diombe
  • daktulis
  • kotulis
  • ditulis
  • daksapu
  • kosapu
  • disapu

Perangane Tembung Tanggap

Padha karo tembung tanduk, tembung tanggap uga keperang dadi telung jenis. Perangan iki dumadi kerana beda tambahan ater-ater lan panambange.

Tembung Tanggap Wantah

Tembung tanggap wantah yaiku tembung tanggap kang amung oleh ater ater tripurusa tanpa panambang.

Tuladha tembung tanggap wantah:

  • dijotos
  • dimasak
  • kopangan
  • daksiram
  • koketok

Tembung Tanggap I-Kriya.

Tembung tanggap i-kriya yaiku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang -i.

Tuladha tembung tangga i-kriya:

  • dakpakani
  • kosilihi
  • digoleki
  • dienteni

Tembung Tanggap Ke-kriya

Tembung tanggap ke-kriya yaiku tembung kriya tanduk (kata kerja aktif) mawa panambang -ake.

Tuladha tembung tanggap ke-kriya:

  • nyilihake
  • ngeterake
  • ngarangake
  • nyapokake
  • nggambarake

Tuladha Ukara Tembung Tanduk lan Tanggap

Ukara Nganggo Tembung Tanggap:

  • iwak dicekel doni
  • klambi mu dak umbah
  • bapak dipadosi pak lurah
  • teh diombe si mbah
  • buku dituku lala
  • koran di waos bapak
  • ari dikongkon simbah
  • klambi di umbah ibu
  • laptop dituku pakdhe
  • roti dipangan rendi
  • montor digowo mas arik
  • gunting disilih mbak yu
  • pulpen di ilangnu adek
  • beras dituku si mbah teng toko
  • sepatu dirampas guru
  • iwak dipangan oni
  • sikilku dipinjek fahmi
  • tasku didelikno adek
  • komputerku disilih paklik
  • mripatku diculek budi
RECOMMEND :  √35 Contoh Ukara Sambawa: (Pangarep, Umpama lan Senadyan)

Ukara Nganggo Tembung Tanduk:

  • doni nyekel iwak
  • aku ngumbah klambimu
  • pak lurah madosi bapak
  • si mbah ngombe teh
  • lala tuku buku
  • bapak maos koran
  • simbah ngongkon ari
  • ibu ngumbah klambi
  • pakdhe tuku laptop
  • rendi mangan roti
  • mas arik nggowo montor
  • mbak yu nyilih gunting
  • adik ngilangnu pulpen
  • simbah tuku beras ing toko
  • guru ngrampas sepatu
  • oni mangan iwak
  • fahmi minjek sikilku
  • adek ndelekake tas ku
  • pak lik nyilih komputerku
  • budi nyulek mripatku

Tuladha Soal Babagan Tembung Tanduk lan Tanggap

  • Gaweo contoh tembung tanduk ny m ng n
  • Gaweo tembung tanduk
  • Contoh kalimat tembung kriya tanggap
  • Sing kalebu tembung tanduk yaiku
  • Tulisen 2 ukara kang migunakake tembung tanggap
  • Contoh ukara tanduk mn ng ny
  • Contoh ukara tanduk kalimat aktif
  • Gaweo contoh kalimat tembung tanggap
  • Gaweo contoh ukara tembung tanggap
  • Sisihane tembung tanggap yaiku
  • Ciri ciri tembung tanggap
  • Tembung tanggap uga diarani tembung
  • Tembung kriya tanduk bisa dadi tembung kriya tanggap awujud tembung
  • Contoh soal tembung tanggap
  • Tembung tanggap ke kriya yaiku

Nah,semanten wacana babagan tembung kriya rupa tembung tanduk lan tembung tanggap, muga muga bisa dadi bahan referensi kanca-kanca kabeh.

Matursuwun sampun mampir. 🙂

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *