√ Kumpulan Geguritan Tema Pahlawan Paling Keren 2020!

Geguritan tema pahlawan – Segala kenikmatan dan kemudahan hidup yang kita rasakan saat ini, tidak terlepas dari peran para pahlawan yang berjuang tanpa pamrih untuk kemerdekaan.

Berikut ini adalah kumpulan geguritan atau puisi bahasa jawa yang menginspirasi dan dibuat sebagai persembahan untuk para pahlawan yang telah gugur demi kita.

Semoga puisi ini dapat menjadi pengingat sekaligus sumber inspirasi dan motivasi untuk ikut berjuang mengisi kemerdekaan dengan kemampuan yang kita punya. Silahkan disimak!

Geguritan Tema Pahlawanku

Pahlawanku 1

Dening: Eka Lawla

Abang Putih
Ginebermu tanpa sayah
Nadyan wes akeh
Riwe … luh lan rah
Sing Wutah

NKRI dudu negara sing diwenehi
Nanging…
NKRI bisa ngadhek ing bumi
Merga para pejuang negari
Kanggo kamardhikan ibu pertiwi

Pahlawanku 2

Dening: R. tantiningsi

Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyirami bumi pertiwi
Nadya sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya gusti paring nugraha
semana gedhene bektimu
jiwa raga, bandha donya
tanpa sisa
amung siji pangajabmu
Merdeka

Pahlawan

Sumber: vroszzz.blogspot.com

Amung sliramu shing dadi pepujanku
Nora iso dadi iso
Cengegesan dadi disiplin
Harapan seng awale gak onok dadi ketok jelas ing ngarep mata

Aku nora iso mbales jasane jenengan
Nanging aku mung iso ngamalke ilmune panjenengan
Duh pahlawanku…
Ra onok uwong seng iso nyaingi jasamu
Estu, panjenengan seng terbaik

Padange srengenge nyinari esemmu
Iku sing gae semangat manahku
Ra onok shing iso nandingi keihlasanmu
Mugi-mugi perjuangane dados sangu
Aku nora bakal lali kabeh marang jasamu
Aku mung iso mbales jasane lewat dungo iki
Hangsanipun kulo mung isok ngucap matur suwun pahlawanku

Geguritan Tema Perjuangan Pahlawan

Gurit Pahlawan

Dening: Grassius Josef IR

Pahlawan
Gahlawan
Tentaranipun
GUSTI
Ingkang soroh jiwa raga nyawa
Kathi ikhlas rila
Kangge mulya saha luhuring
Nusa bangsa saha negari
Panjenengan besmi
Para pangembat pusaraning praja
Para anggota dpr
Sageda nulad
Perjuangan panjenengan sami

Pahlawan

Dening: Rono

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan
Tadah awak ora wedi marang kematian
Nyowomu kanggo pondasine kebebasan
Kanggo rakyat saking cengkramane penjajah

Pahlawan awan bengi nantang maut
Nglawan misil misil kang semrawut
kabeh lawan kowe ajak gelut
Ra peduli senajan awak padha benjut

Pahlawan, semangatmu kaya geni
Ngobong kabeh pasukane kompeni
Kanggo njaga lemah kang ditresnani
Indonesia merdeka, Indonesia di ormati

Pitulas Agustus taun papat lima
Apa sing diimpike dadi nyata
Saiki Indonesia wis merdeka
Pahlawan, perjuanganmu ra sia sia

Indonesia merdeka!
Indonesia merdeka!
Kabeh merga perjuanganmu
Pahlawanku

Geguritan Tema Hari Pahlawan

Dinten Pahlawan

Dening: Junar Yatno

Wus pirang pirang abad
Nuswantara dijajah Walanda
Kala semana
Larang sandang larang pangan
Akeh pagebluk
Akeh wong kang rekasa
Akeh wong kang sengsara
Kabeh sarwa kalunta lunta

Nanging, saiki wus mardika
Amarga para Pahlawan kang wani bela pati marang Nagara
Para Pahlawan toh tohan nyawa
Ngupaya Nuswantara bisa mardika

RECOMMEND :  √ Aksara Angka Jawa 0-9 Beserta Aturan Penulisan & Contoh

Wus Suwidak Sanga tahun Indonesia mardika
Nanging lelabuhan para Pahlawan tan kena lali
Amarga, negara kang becik iku
Negara kang nduweni Bangsa
Kang ora bakal nglalekake sejarah
nagara

Bung Tomo Arek Surabaya

Dening: Izdihar Lutfiyah Kelas VA/15 SDN Wonokusumo V-44 Surabaya

Indonesia Merdeka
Berkat wanine arek Surabaya
Nang Enggon iki
Aku ngidek dalan
Bekas udan mimis lan nyawa
Umpamane gak onok sing berjuan
Aku gak bakal
Ngidek dalan iki
Dalan iki dadi saksi
Nang plantaran lan loteng
Hotel Yamato iki
Bung Tomo lan arek Surabya melawan
Ngiberna gendero abang putih
Nyuwek birune gendera walanda
Aang Putih gendera Indonesia
Mumbul nang langit Surabaya
MERDEKA!!!!!!!!!

Geguritan Tema Pahlawan Kemerdekaan

Kamardikan

Dening: Artha Wibowo

Aku kowe paribasane,
mung kari nglungguhi kloso kang wis gumelar..

Aku kowe paribasane,
kari njagong silo tumpang ongkang okang..
Ora ngalami jaman perang..

Kamardikan iki dumadi mergo
trekah polah perjuangane simbah..
Simbahmu, simbahku, simbahe bongso iki..

Kamardikan..
Wis kelakon puluhan tahun kepungkur..
Aku kowe sak bongso mung kari njogo..

Opo aku kowe isih nduweni rumongso..?
Isih duwe pangeling eling
marang perjuangane poro simbah simbah
kang berjuang wani tatu dilawani ngelih nganti adus getih..
Opo aku kowe isih duwe roso hormat..?

Elingo..
Sak iki lemah sing tok idak,
banyu sing tok ombe pametune bumi
sing dadi panganku panganmu
kuwi mergo lelabuhane poro pahlawane bongso..

Tanpo pamrih..
Murih anak putune biso urip mulyo..
Biso urip merdiko
tanpo dadi budake wong seko monco negoro..

Aku Rapopo

Dening: Yoga Yhoo

Ora tak pikir timbang kenthir
Ora tak gagas timbang ra waras
Moncere pangucap ing zaman kang kelakon
Sinartan kahanan kang durung mapan
Poro punggowo podho regujegan
Rebut bener rebut pinter
Kanthi dalih kang kadaluwarso
Mugo iki dudu pratondho
Sirnane roso katresnane bongso
Batin iki ora lilo
Kelingan naliko semono
Linambaran bondho lan nyowo
Poro pejuang maju ing palagan
Kanggo hamujudake kamardikan
Nanging………………….
Kamardikan mau
Kog koyo koyo hamung semu
Manunggale kawulo kaobrak abrik
Soko pokal gawe kang durung mesthi becik
Kondho tumindak adil nanging sanyatane kog mung pokil
Aku rapopo????

Aja Padha Congkrah

Dening: Yuli

Ibu Pertiwi nandang keronto-ronto..
Hanyekseni putra putri sami congkrah…
Nangis….???
Luh tumetes ana ing bumi iki…
Ibu sedih ngger…
Eling… eling… elingo..
Perjuangane Bopo bopomu…
Ngrebut kamardikane bumi iki….
Ngusir para penjajah walanda…
Kanti lilo legowo toh nyowo..
Kanti lilo legowo ninggalke keluarga…
Kanti lilo legowo kelangan nyowo…
Kangko nglabuh labet ing negoro..
Elingo… elingo… elingo…
Welinge bopo bopo pejuang kito…
Openono ibu pertiwimu…
Terusno perjuanganku…
Ben ora muspro olehku gugur…
Aja kok sia-sia ….
Aja podho congkrah…!!!!

RECOMMEND :  √6 Jenis Jenis Tembung Sesulih: Pangerten lan Tuladha

Wutah Getihku

Dening: Mahardono Wuryantoro

Gumelar jembar bumi asri
Sumunar sumringah sunare bagaskara
Padhang sumilakkhanelai jagad Nuswantara
Bumi pusaka wus kawentar
Omabak ombak samodra, kencana kang ngrenggani
Wutah getihku dak tresnani

Kawulamu
Guyub rukun anambut kardi
Jroning swasana tentrem lan mardika
Giliging tekad manunggal
Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila
Korban jiwa raga kanggo bumiku
Nadyana wakajurda disawur
Langetih kumblalbar mili, netesing bumi pertiwi
Labet raharjaning nagara

Lumantar iki
Isi ning atiku ginurit
Prasetyaku thukul saka ati kang tulus
Njaga langgnging kamardikan
Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

Geguritan Tema Pahlawan Ir Soekarno

Ir. Soekarno

Jenengan niku pahlawan negara
Pahlawane bangsa Indonesia
Bebasne negari sangking penjajah
Dadeake bangsa kang mergeka

Jasane jenengan katah dicontoh kaleh kawula muda
Ndadeake Indonesia merdeka
Bebas sangking penjajah
Panjenengan dados kasatria bangsa Indonesia
Lelabuhanmu patut dicontoh kawulo muda

Geguritan Tema Pahlawan RA Kartini

Raden Ajeng Kartini

Dening: Fauziah Isnaini

Sanajan panjenengane wanita
Nanging gelem rekasa
Sanajan dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela
Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa

Jejere wanita
Kudu tetep siyaga
Ngowahi nasibe bangsa
Nurunake nasibe bangsa
Duwea wawasan kang jembar
Kanggo nggayuh lintang kang sumunar

Pahlawan Emansipasi

Dening: Pakshe

Wanodya ayu utama
Pantes kinarya tuladha
Nadyan piningit
Jiwa lan gegayuhane sundhul langit
Nenggih sang kartini pahlawan emansipasi

Kartini Kartini Kartini
Nadyan krubyuk kabotan pinjung
Tetep jiwa satriya mbangun negara
Amiyak pedhut kasangsaran lan kanisthan
Asung pepadhang mring wanita bangsa
Lumantar dalancang kang rinakit basa lan sastra
Hambudidaya kamardikaning wanita
Wanita darbe drajat kang padha priya

Wanita amung dadi kanca wingking?
Saiki dadi wong penting
Wanita amung swarga nunut neraka katut??
Saiki pantes dinut
Wanita amung ana sumur, dhapur lan kasur?
Saiki dadi gubernur

Kartini yekti pantes pinuji
Kartini yekti pantes jinunjung
Kartini yekti pantes kinurmat
Minangka kembanging nuswantara

Kartini

Sumber: Geguritan.com

Kartini
sapa kang ora kenal panjenengan
Pahlawan kang mbela kaum wanita
Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda

Kartini
Sanajan tinitah dadi priyayi
Duwe nitrah bangsawan
Kartini mbela emansipasi wanita
Mbela rakyat jelata

Kartini
Wulan april iki dadi seksi
Lelabuhanmu kang misuwur tumrapa bangsa Indonesia
Habis Gelap Terbitlah terang
Dadi bukti masa perjuwangan
Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita

Kartini
Amarga jasamu
wanita Eropa lan wanita pribumi
Dadi nduweni hak kang padha
Duwei hak pikantuk pendidikan

Geguritan Tema Pahlawan Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara

Dening: Bisri Nuryadi

Ing adheme hawa Walanda
Sira panggah netepi setya
Nyawijining ngilmu
Ngugemi laku
Nyerat ing saben-saben wektu

Nalika ati krasa
Krungu swara jerite sedulur
Ing lemah Pertiwi
Sing gumregah greget
Bali ing desa mijilmu
Nuswantara

Suwardi Suryaningrat
Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewanatara
Putra kraton sugih bandha brana
Milih dadi satriya lelana
Manunggal sajroning rakyat jelata
Gugur dadi pahlawan negara
Minangka Bapak Pendidikan bangsa

RECOMMEND :  √ Geguritan Tema Pendidikan Paling Keren 2020!

Geguritan Tema Pahlawan Diponegoro

Pangeran Diponegoro

Dening: Aditya Bambang Tri Anggoro

Ngagem sorban ingkang petak
Nitih turangga kanti ngagem keris
Kangge ngelawan para penjajah
Panjenengan mboten nate gigring
Jiwa lan ragamu dadi korban
Kangge nuswantara

Diponegoro…
Asmamu kaseret ing jeneng-jeneng dalan
Pragamu kang wibawa
Tunemplek ono eng arta

Pangeran Diponegoro

Sumber: wimbo-prabowo.blogspot.com

Rogo nata
Nolo kawula
Taker ludira
Nggusah penjajah Walanda
Saka bumi nuswantara
Runtiking ati
Perso solaheng kampeni
Sawiyah marang bumi lan abdi
Labuh pati ndepani pertiwi
Tan ngetan kurbane picis
Tan miris landepe mimis
Nganti mumeko eng lalis
Tumpes tapis
Penget tumrap poro muda
Mirih nulad-anulada
Lubuh bongso mbangun praja
Mbrastha dumalaning negara

Geguritan Tema Gugur Pahlawan

Marang Pahlawan

Dening: Bagus Sugiharto

Siji-siji kembangmu gugur
Siji-siji kembangmu prethel
Siji-siji godhongmu alum
Siji-siji godhongmu ceblok
Najan kembang lan godhongmu wis ilang
Nanging sliramu tetep mbudidaya amrih tekadmu bisa langgeng
Semangatmu tansah makantar tan suda
Mbesuk sewu godhong bakal trubus
Mbesuk sewu kembang bakal mekar…..

Tangise Bumi Pertiwi

Dening: J Sumarto

Sabanjure,
Getih luntur ing bantala
Luh dlumewer saka netra
Nyawang saka kaca

Para putra bangsa
Andum tembang sesongaran
Para paraga
Nindakake laku pancakara
Melik Urip kadonyan

Rungokna pasambat lara
Bukaken kupingingmu
Ana sesambat ngayuwara
Kang Nandang lara
Rerintihan
Kadya jangkrik ngerik
satengahe unine bedil gas

Apa sliramu mentala
Nyumurupi kahanan punika
Apa hora ana ing jiwamu
Rasa duhkita ?

Mbok uwis
Dilereni pancakara iki
luwih aji bangsa
Tinimbang kekareban dadi panguwasa

Segara Aru

Bener lan yekti
Ananging sliramu dadi seksi
Marang poro pahlawan sejati

Ingkang mulih aran awit bekti
Ingkang mangku awet jejibahan
maring tugas engkang luhor lan jujureng palaga
Engkang ngemban amanat ayahan
Segara aru kang biru lugu blak-blakan
Engkang ngemu madu
marang madune bangsa satuhu
Kang asmo Yos Sudarso yoiku
Korban kang ana eng segoro aru
Sangking ludira engkang wekasan
Engkang kanggo nebus Iran
Yos Sudarso salah sijining kang gugur kalayan
Lan asmo engkang wus misuwur ing bebrayan

Terkadang kita memang butuh mendengar atau membaca geguritan yang bertema pahlawan seperti saat semangat kita menurun.

Geguritan pahlawan secara ajaib akan membuat bulu kuduk kita berdiri dan semangat lama akan terganti degan yang baru.

Kita akan ingat kembali untuk apa kita hidup dan bagaimana akan kita hidup di tanah air ini. Mengisi kemerdekaan dengan kerja dan hal positif, tentunya.

Akhirnya terimakasih sudah mampir melihat lihat kumpulan geguritan pahlawan diatas. Terus semangat, semangat terus!

Baca Juga Artikel Terkait: Geguritan tema pendidikan, geguritan tema alam dan lingkungan serta geguritan tema ibu.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *