√ Wara Wara Yaiku: Pangerten, Jinis, Ciri Lan Tuladha

Wara wara yaiku – Ngomong ngomong babagan wara wara, nyatane kita asring nemoake wara wara ing sekolah, perpustakaan, papan kanggo ibadah, lan papan umum liyane.

Nah, supaya luwih paham wara wara iku apa, ing kene kita bakal ngerteni babagan wara-wara, awit saka pangerten, ciri ciri nganti langkah-langkah kanggo nggawe wara wara, mula ayo disimak kanthi tliti.

Wara Wara Yaiku

Wara-wara ing basa Jawa diwaca “woro-woro”.

Wara wara asale saka tembung wara kang tegese ‘kandha’ utawa ‘ngomong’. Nanging wara wara iki dudu sembarang ngomong kamangka ditujuake marang wong akeh.

Gampange ngomong, wara-wara ing Bahasa Indonesia artine “Pengumuman”. Dadi sampeyan kabeh mesti langsung paham.

Dene pangertene wara wara iku ana akeh nanging, sejatine padha wae intine.

  1. Wara wara yaiku pocapan utawa tulisan sing isine pepenget utawa aweh ngerti kang arupa pangumuman marang wong akeh.
  2. Wara-wara yaiku menehi informasi kang ditujukke marang wong akeh.
  3. Wara wara yaiku aweh kabar utawa aweh informasi marang wong liya (ing sawijing panggonan), kanthi ancas wong liya ngreti isine wara-wara.
  4. Wara-wara yaiku pocapan utawa tulisan sing isi awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh.

Dadi, wara wara yaiku pocapan utawa tulisan sing isine aweh weruh marang wong liya ing sawijining panggonan.

Paham nggeh?

Kompasiana

Sabanjure, wara-wara biasane dikarepake kanggo menehi ngerti bab kahanan sing wigati (penting), nanging wara-wara uga bisa kanggo iklan kayata nggolek tenaga kanggo nyambut gawe.

Wara-wara bisa digiyarake marang masyarakat lumantar speaker, layang-layang kabar, radio, TV utawa internet.

Jinise Wara Wara

Meh padha karo babagan layang, wara wara uga ana jenis jenise.

Jinise Wara Wara Miturut Sifate

Jinise wara wara miturut sifate ana 2 yaiku:

RECOMMEND :  √125 Contoh Tembung Kerata Basa Beserta Arti dan Contoh Ukara

1. Wara-wara Resmi

Wara wara resmi yaiku wara-wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi utawa sa kumpulan.

Tetenger (ciri-cirine) wara-wara resmi yaiku:

  1. Nganggo Kop layang kadinasan
  2. Migunake tembung baku
  3. Ukara lugas cetha lan ora ngayawara
  4. Ana indeks nomere
  5. Isine wara-wara kaanggit saka pembuka,isi lan penutup
  6. Menehi tanggal lan panggonan wara-wara iku di gawe
  7. Ana tanda asta utawa stempel saka sing gawe wara-wara

2. Wara-wara ora Resmi

Wara wara ora resmi yaiku wara wara kang digawe dening pawongan biasa ora kaiket dening aturan dinas.

 Tetenger (ciri-cirine) wara-wara ora resmi yaiku:

  1. Ora nganggo kop layang
  2. Ora ana nomer wara-warane
  3. Basane ora resmi utawa basa sedina-dinane

Jinise Wara Wara Miturut Wujude

Miturut wujude, wara wara uga ana 2 jinis yaiku:

1. Wara wara lisan yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media elektronik, kayata: Tivi, Radio, lsp.
2. Wara wara tulisan yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media cetak. kayata: ariwarti, kalawarti.

Rinciane Wara Wara

Wara wara bisa dirinci kamangka isine. Isi wara wara iku bisa arupa wara wara bab kegiyatan, undangan utawa lelayu.

Saka iku, wara-wara bisa kaprinci dadi sanga, yaiku :
1. Paturan (laporan).
2. Pratelan (pernyataan).
3. Iber-iber (plakat selebaran).
4. Sedhahan (ulem, undhangan).
5. Aben trampil (perlombaan).
6. Patembaya (sayembara).
7. Lelayu (seripah).
8. Komersial (iklan).
9. Sandi (ceramah).

Perangane Wara Wara Resmi

Perangane wara wara resmi ana 9 yaiku:

Perangane Wara-Wara:
1. Judul/Irah-irahan
2. Adangiyah/salam taklim
3. Bebuka/Pambuka
4. Surasa Basa/ Isi
5. Wasana Basa/ Panutup
6. Panggenan lan titi mangsa
7. Peprenah/jabatan
8. Tapak Asta
9. Asma Terang

Persiapan Gawe Wara Wara

Ana bab-bab kang perlu digatekake nalika nggawe wara-wara yaiku:

RECOMMEND :  √ Kumpulan Geguritan Tema Pahlawan Paling Keren 2020!

1. saka sapa wara-wara mau kababar
2. kanggo sapa wara-wara mau
3. surasane (isine) apa
4. kapan wara-wara mau digawe
5. kapan kagiyatan mau katindakake
6. ana ing ngendi mapane
7. sapa kang mandegani

Tuladha Wara Wara

Ing ngisor iki ana sawijining tuladha wara wara resmi lan ora resmi kanggo referensi nggawe wara wara.

Wara Wara Majalah Anyar

— WARA WARA PENTING —

Dhilut maneh arep terbit tabloid Basa Jawa.

Kanggo sapa wae kanca kanca sing arep ngirim tulisan artikel, sastra, foto, gambar ilustrasi, bisa dikirim ing email jawacana@gmail.com.

Syarat:

  • Migunaake basa Jawa sing bener (bebas, ngoko utawa krama)
  • Paling lambat ditampa tanggal 25 April 2021
  • Karya gawean dhewe, dudu plagiat.

Ana honor kanggo karya-karya sing terbit.

Wara Wara Ruwatan

—- RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA

1 Suro 1436 Museum Tosan Aji 25 Oktober 2014.

Kasumanggakake ingkang badhe njamas pusaka.

Dalang Ruwat: Ki Sutarko
Informasi lan pendaftaran:
Kalawarti Purworejo Post Jl Pramuka 5 Purworejo
telpun (0275) 321222 (hunting)
Elly/Darmono.

Enggal ndhaftaraken, panyarta winates.

Purworejo Post

Minggu 01 Oktober 2014

Wara Wara Ulang Tahun

Kanca-kanca kang tak tresnani, gegayutan karo dina ulang tahunku kang kaping 15. Aku ngarep-arep supaya kanca-kanca teko sesuk ing :
Dina/Tanggal : 8 April 2014
Wanci : 09.00 WIB
Papan : Cafe Baratha
Banget tak ngarep-arepke konco-konco ku padha teko.

Ayu Widharti

Wara Wara Lomba

SMK TUNAS BANGSA

Jalan Pemuda No.86 Semarang

Tlp: (0276)636251


Wara-wara
No.178/05/2014


Assalamu’alaikum WR.WB
Kanggo mengeti dina Pendidikan Nasional, SMK Tunas Bangsa Semarang arep nganakake lomba keresikan kelas.

Lomba arep dilaksanake ing :
Dina/Tanggal : Jum’at, 9 Mei 2014
Wanci : 07.00 WIB
Papan : SMK Tunas Bangsa
Kabeh siswa diwajibke melu andil ana ing kegiatan ngeresiki kelas.
Wasalamu’alaikum Wr.Wb

RECOMMEND :  √ 225+ Tembung Kosok Balen Paling Lengkap!

Semarang, 5 Mei 2014

Kepala Sekolah

Basari,SPd

Tuladha Wara Wara Lomba Maca Geguritan

Wara Wara Lomba Sumpah Pemuda

Carane Maca Wara Wara

Nalika kita maca wara wara kita mesthi pengin wara wara kita entuk kawigaten. Mula kudune kita gateake bab bab nalika maca wara wara.

Prakara kang kudu digatekake sajroning maca wara-wara yaiku:

1. Pocapan kudu bener lan trep
2. Lagune (intonasi) kudu digatekake
3. Sikep kudu apik
4. Nguasani isine wara-wara iku
5. Pandhelenge ing anggone teks maca lan wong-wong sing ngrungokake.

Panutup

Matur nuwun wis maca artikel bab wara wara nganti pungkasan. Ing artikel iki kita wis sinau yaiku:

  • Pangertene wara wara (wara wara yaiku)
  • jinise wara wara
  • ciri ciri wara wara
  • bagian wara wara
  • bentuk bentuk wara wara
  • tuladha wara wara
  • lan carane maca wara wara

Sampun nggeh, muga muga saged migunani. Waca Uga artikel kang gegandhengan karo wara wara kayata bab tanggap wacana, pariwara lan pranatacara.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *