√25 Contoh Layang Lelayu Basa Jawa (Teges, Struktur, Tuladha)

Layang lelayu bahasa Jawa – Nalika ana pati ing sawijining panggonan utawa ing basa Jawa diarani “kesripahan”, mula kuwajiban kita yaiku ngandani warta marang sanak kadang sing seda lumantar layang. Layang kematian iki banjur diarani layang lelayu.

Kejaba ngabarake pawarta duka marang sanak kadang liyane, layang lelayu uga nduweni fungsi kanggo kanggo ngabarake kabar sedhih marang dhaerah liya, sing biasane disiyarake liwat pengeras suara ing masjid. Layang Lelayu Basa Jawa

Ing jaman semunu nalika durung ana telepon lan internet kaya saiki, layang lelayu banget pentinge. Saiki layang lelayu uga isih digunaake dening sebagian wong, biasane diseleh ing koran koran.

Mula becike organisasi pemuda utawa pengurus organisasi desa nyimpen conto layang lelayu ing wangun word utawa pdf, ngelingi yen layang iki bisa wae dibutuhake. Iki nduweni tujuwan, yen ana kedadeyan sedhih, warga desa bisa cepet tumindak supaya berita kasebut langsung nyebar lan warga ing dhaerah liya uga bisa langsung ngerteni kabar kasebut.

Ing kalodhangan iki penulis arep nulis contoh layang lelayu kanggo sinau.

Layang Lelayu Yaiku

Layang lelayu yaiku layang sing ngabari wong kesusahan utawa kepaten (kematian). Sumber lain ngandika yen Layang lelayu yaiku layang sing isine nggambarake menawa ana sing tilar donya utawa seda.

Layang lelayu, yaiku layangan kang isine pawarta sedane uwong / layang kabar seda wong sing ditujokake marang wong sakiwa tengene sing rada adoh.

Layang lelayu uga diarani layang kepaten.

Struktur Layang Lelayu

layang lelayu minangka jinis saka woro woro.

Struktur layang lelayu yaiku dumadi saka:

  • Salam
  • salam pambuka
  • Isi layang, dumadi saka:
    • asmane sing seda
    • umur
    • dina/ tanggal
    • jam
    • panggonan pati (omah/ rumah sakit)
    • katrangan panguburan/ pemakaman (jam, panggonan)
  • penutup (biasane isine njaluk sepura menawa almarhum ana salah)
  • salam panutup
  • katrangan sing nandhang dhukhita
RECOMMEND :  Jawaban Soal: Sebutna Unsur Intrinsik Cerkak

Contoh Layang Lelayu

Contoh layang lelayu Lengkap

Layu Layu

Assalamu’alaikum wr. wb

“INNALILLAHI WAINNA ILAIHI ROJI’UN”

Sampun katimbalan sowan ing ngarso dalem Alloh SWT kanthi tentrem panjenenganipun :

Almarhum:
Bp. Suprianto
Yuswo : 45 Tahun

Rikolo dinten/ tgl : Sabtu Pahing, 23 Maret 2019, Wonten Rumah Sakit Tangerang,
Wanci jam : 09.30 .WIB
Amargi : Gerah Sewetawis Wekdal

Wondene saliro layon badhe kasareaken :

Dinten/ tanggal : Minggu Pon, 24 Maret 2019
Bidal Saking dalem dukito : Sukamaju RT 02 RW 01 Merangin Karangdowo, Klaten
Wanci jam : 11 .00.WIB.
Wonten makam : Sukamaju RT 02 RW 01 Merangin Karangdowo, Klaten

Mbok bileh rikolo sugengipun suwargi anggadahi kalepatan dumateng panjenengan sedoyo, saking kulowargo nyuwunaken agenging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Ingkang nandang dukito :

  1. ………………(Bojo)
  2. ………………(anak)
  3. ………………(wong tuwa)
  4. ………………(Morotuwo)
  5. ……………… (Kangmas)
  6. kabeh warga desa Sukamaju RT 02 RW 01 Merangin Karangdowo, Klaten

Contoh Layang Lelayu Singkat

Malang, 19 Desember 2001
Katur dhumateng Bapak Riski Wonten Ngawi

Assalamualaikum wr.wb
Inna Lillahi Wa Inna Ilaihi Roji’un
Sampun Kapundut wonten ngarsa dalem Allah SWT inggih menika
“IBU FITRI UTAMI”

pidalem ing : Blimbing
seda : Rabu, 19 Desember 2001, 21.43 WIB
yuswa : 33 tahun
Nyarekaken layon insya Allah
dinten/tanggal : Kamis, 20 Desember 2001
jam : 09.00 WIB
ing makam : Taman Makam Islam Blimbing

Mekaten pawartos lelayu menika kaaturaken.
Mugi ndadosaken kawuning dhumateng sedaya sanak kadang.
Awit kawigatosanipun, sedaya kula warga ingkang tinilar ngaturaken aguning panuwun.
Wassalamualaikum wr.wb

Contoh Layang Lelayu Krama Inggil

Assalamualaikum wr wb
innalillahi wa inna ilaihi rojiun

Sampun kapundhut wangsul wonten ngarsani-pun Gusti Allah SWT. Kanthi lantaran gerah sepuh
panjenenganipun Almarhumah:
IBU MURTIYAH
Yuswa (71 tahu)

RECOMMEND :  √57 Contoh Ukara Andharan: Pangerten, Jenis lan Ciri Ciri

Rikala:
Dinten: Senin Wage
Surya: 5 Maret 2018
Wanci: Jam 19.00 WIB
Wonten: Ndalem Dhukihita, Kadirejo Barat, kanthi tentrem

Wondene jenazah badhe kasareaken wonten ing astana laya, Dhukuh Butuh.
Saking dalem dhukhita
Dinten: Selasa Kliwon
Surya: 6 Maret 2018
Wanci: Tabuh 10.00 WIB

Mbok bilih rikala sugengipun Almarhumah anggadahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya nami
keluawarga nyuwun agunging pangapunten.

Mugi mugi sedanipun Almarhumah seda ingkang khusnul khotimah.
Assalmualaikum wr wb

Ingkang nandhang dhukita

Ika (putra)
Joku (putra mantu)
Dila (wayah)
Bila (wayah)

NB: Keluwarga mbten nampi pasumbang punapa kemawon kejawi donga pamuji

Assalamualaikum wr wb
innalillahi wa inna ilaihi rojiun

Sampun kapundhut wangsul wonten ngarsani-pun Gusti Allah SWT. Kanthi lantaran gerah sepuh
panjenenganipun Almarhumah:
IBU MURTIYAH
Yuswa (71 tahu)

Rikala:
Dinten: Senin Wage
Surya: 5 Maret 2018
Wanci: Jam 19.00 WIB
Wonten: Ndalem Dhukihita, Kadirejo Barat, kanthi tentrem

Wondene jenazah badhe kasareaken wonten ing astana laya, Dhukuh Butuh.
Saking dalem dhukhita
Dinten: Selasa Kliwon
Surya: 6 Maret 2018
Wanci: Tabuh 10.00 WIB

Mbok bilih rikala sugengipun Almarhumah anggadahi kalepatan dhumateng panjenengan sedaya nami
keluawarga nyuwun agunging pangapunten.

Mugi mugi sedanipun Almarhumah seda ingkang khusnul khotimah.
Assalmualaikum wr wb

Ingkang nandhang dhukita

Ika (putra)
Joku (putra mantu)
Dila (wayah)
Bila (wayah)

NB: Keluwarga mboten nampi pasumbang punapa kemawon kejawi donga pamuji.

Contoh Layang Lelayu Bahasa Jawa

Contoh Lelayu Bahasa Jawa Indonesia - INDO SMART SCHOOL
41+ Struktur Layang Lelayu New - Hutomo
16+ Contoh Layang Lelayu Bahasa Jawa News - Hutomo
Yuk Cek 15+ Format Berita Lelayu Bahasa Jawa Doc - Contoh Surat Permohonan  Ke Dinas Pendidikan
Lihat Contoh Surat Lelayu Bahasa Jawa Doc [Terbaru] - Catatan Lega

Mangkene pira pira panjelasan lan contoh layang lelayu bahasa Jawa, muga bisa kanggo sinau kanca-kanca kabeh. Matur nuwun.

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *