√ 137+ Tuladha Tembung Camboran Lengkap (Teges, Perangan lan Soal)

Tuladha Tembung Camboran Lengkap – Sakwise wingi mbahas telung tembung yaiku tembung lingga, tembung andhahan lan tembung rangkep kurang lengkap yen awak dhewe ora mbahas tembung camboran.

Sebenere tembung iki isih sering digawe masyarakat, nanging mungkin akeh seng durung paham yen iku kalebu tembung camboran. Kerana alasan iki tembung camboran maleh dilebokno ing kurikulum sekolah supaya tetep lestari lan ora diaku negoro liya.

Sabanjure, menawa wacana babagan tembung camboran iki spesial amarga penulis belajar gawe basa Jawa secara total. Muga muga wacana iki tetep bisa dingerteni kanca-kanca kabeh masio isih semrawut lan blepotan. 😀

Tembung Camboran Yaiku

Kangge mahami tembung camboran, sepisan awak dhewe kudu paham definisi utawa pangerten saka tembung camboran.

Tembung camboran yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji sahingga dadi tembung anyar kang bisa ndueni teges anyar.

Nanging sebenere tembung camboran uga ana sing ora nuwuhake tembung anyar amarga ana perangane tembung camboran kang tegese panggah.

Tembung camboran iseh akeh digawe ing daerah Jawa Timur lan Jawa Tengah.

Perangane Tembung Camboran

Perangane tembung camboran sejatine ana loro yaiku camboran wutuh lan camboran tugel. Nanging merga kemajuan jaman banjur ana tambahan rong perangan maneh yaiku camboran tunggal lan camboran tunggal.

Dadi yen ana pitakonan perangane tembung camboran, jawabane ana papat:

  • Camboran Wutuh
  • Camboran Tugel
  • Camboran Tunggal
  • Camboran Wudar

Tembung Camboran Wutuh

Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging ora nganggo ngurangi jumlah wandane.

Wanda kui padane ‘kecap kata’, dadi jeni stembung camboran iki dumadi saka rong tembung sing digabung utuh.

Tuladha Tembung Camboran Wutuh lan Tegese:

  • Anjaniputra = anoman
  • bala pecah = barang gampang pecah
  • bapa biyung = wong sing ngukir jiwa raga
  • buntu urang = rambut ing githok
  • gantung kepuh = ora tau ganti sandhangan
  • gantung siwur = keturunan kang kaping pitu
  • gotong mayit = anak telu wadon kabeh
  • gilir kacang = anak akeh giliran lanang wadon
  • Imogiri = araning panggonan (desa) ing Bantul
  • jaran kepang = wewangunan kaya jaran digawe saka kepang
  • juru kunci = tukang ngrumat, papan kramat, sareyan
  • kacamata = tesmak, piranti kanggo ndeleng
  • kadhal menek = araning gelung (pungkasaning gurung)
  • kala menjing = jendholan ing gulu tumrap wong lanang
  • Karangmalang = arane desa
  • maratuwa = wong tuwane bojo
  • nagasari = araning panganan
  • parang rusak = araning bathik
  • randha royal = araning panganan
  • semar mendem = araning panganan
  • tutup keyong = perangan omah kampung
  • udan riris = corak bathik
  • Wanasaba = araning kutha
RECOMMEND :  √7 Jenis Drama Tradisional Jawa + Panjelasan

Ing tuladha ndhuwur tembung nomer siji mung dijejerake karo tembung sabanjure tanpa disuda wandane.

Tembung camboran iki banjur di bagi loro maneh miturut kena orane dipisah.

Tembung Camboran Wudhar

Tembung camboran wudhar yaiku jenise tembung camboran wutuh kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe.

Tuladahen tembung camboran wudhar kayata:

  • Pelem golek
  • Wayang kulit
  • Meja tulis
  • Piring beling

Tembung meja tulis conthone yen dipisah iseh bisa dadi tembung meja karo tulis, karo-karone iseh nduweni teges dhewe-dhewe.

Tembung Camboran Tunggal

Yaiku tembung camboran wutuh kang dumadi saka tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis ora kena dipisah-pisah maneh mergo wis nduweni teges anyar.

Tuladha utawa contoh tembung camboran tunggal:

  • semarmendem
  • nagasari
  • daramuluk
  • ulerkembang

Tembung Camboran Tugel

Tugel ing Bahasa Indonesia artine ‘putus’. Diarani kaya mengkunu amarga pas dirangkep utawa digabung, tembung iki banjur kelangan wandane. Iso wanda bagian ngarep utawa mburi.

Tuladhane tembung camboran tugel yaiku:

  • bangjo = abang ijo
  • kosik = mengko dhisik
  • bulik = ibu cilik
  • lunglit = balung kulit
  • dhelik = gedhe cilik
  • pakdhe = bapak gedhe
  • dhegus = gedhe bagus
  • pakpuh = bapak sepuh
  • dubang = idu abang
  • perko = emper toko
  • kakkong = tungkak bokong
  • tingwe = nglinting dhewe
  • kongel = bokong cengel
  • thukmis = bathuk klimis

Nah, tembung camboran tugel iki mau iso kedaden saka telung kahanan yaiku:

a. Tembung garba (sandhi garban):
Tuladha:
1. prapta + ing = prapteng
2. nara + pati = narpati
3. iya + iku = yeku
4. parama + iswara = prameswari
5. sure + ing = sureng

b. Tembung sing dikerata (keretabasa = jarwa dhosok)
Tuladha:
1. balung + kulit = lunglit
2. du + bang = dubang
3. gede + bagus = dhegus
4. gawe + kadang = wedang

RECOMMEND :  √ 5 Paugeran Tembang Macapat Beserta Contoh dan Penjelasannya

c. Akronim (singkatan)
Tuladha:
1. sekdes = sekretaris desa
2. pemkot = pemerintah kota
3. pilpres = pilihan presidhen
4. sospol = sosial politik
5. kabag = kepala bagian

Tuladha Tembung Camboran Lengkap, Intine telung kahanan mau kabeh ngurangi wandane. Insyaallah babagan tembung garba lan kerata basa bakal dibahas ing kesempatan liya supaya luwih paham. 🙂

Gunane Tembung Camboran

Ana akeh banget guna utawa paedah anane tembung camboran. Sing mesti tembung camboran uwis gawe sugih kasustraan ing basa Jawa mula wajib dilestarekno.

Gunane tembung camboran:

  • Kanggo nyingkat panulisan ing babagan pemerintahan kayata tembung sekdes, kades, pemkot lsp.
  • Kanggo menehi jeneng panganan kayata panganan nagasari, semarmendem, randha royal lsp
  • Kanggo menehi jeneng panggonan utawa wilayah kayata Kutha Wanasaba, Situbondo, Imogiri.
  • Kanggo nyebut kahanan tertamtu kayata : gantung kepuh, gantung siwur, gotong mayit lsp.
  • Kanggo nyebut penggawean kayata juru kunci.
  • Lan sakteruse.

Tuladha Soal Babagan Tembung Camboran

  • tembung camboran …
  • tembung camboran yaiku …
  • tembung camboran wutuh …
  • tembung camboran lan tegese …
  • tembung camboran pisah ….
  • tembung camboran contoh ….
  • tembung camboran miturut kekarepane yaiku tembung camboran wudhar ….
  • contoh-contoh tembung camboran …
  • contoh tembung camboran yaiku …
  • goleka tuladha tembung camboran wutuh ….
  • 20 contoh tembung camboran tugel …
  • dhekwur kalebu tembung camboran ….
  • wenehana tuladha tembung camboran cacah lima ….
  • tembung camboran tunggal contone ….
  • gawea ukara nganggo tembung camboran tugel ….

Kabeh pitakonan iki wus ana jawabane ing wacana nduwur mau, dadi kari sregep sinau lan maca 😀

Cukup semene wacana babagan tembung camboran menika, muga muga bisa dadi sumber referensi kanca kanca kabeh. Tuladha Tembung Camboran Lengkap

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *