Categories
Bahasa Jawa

√ Panjelasan Pawarta Ariwarti & Kalawarti ing Basa Jawa

Padukata.com, Kaya sing wis awak dhewe ngerti ing bab pawarta sak durunge, pawarta bisa disebarake ing masyarakat umum kanthi maneka cara. Kayata lewat media cetak, siaran, internet, utawa lisan. Pawarta kang disebar lewat media cetak ana loro jinis yaiku ariwarti lan kalawarti.

Ariwarti

Senjakala Suratkabar dan Kebangkitan Jurnalisme Digital - Unair News

Miturut jenenge ariwarti kedadean saka tembung ari lan warta. Ari tegese saben dina, dene warta artine berita.

Ariwarti yaiku koran pawarta basa Jawa sing terbit saben dina. Saben dina maksude yaiku surat iki diterbitake/dicetak angger dina/ora ana batesane.

Ariwarti tegese pawarta utawa berita kang diterbitake saben dina.

Biasane ariwarti iki dadi langganan dening wong akeh, sebabe masyarakat luas angger dina kudu maca berita sing aktual, anyar, supaya weruh kedadean-kedadean ing panggonan liyane.

Isine ariwarti bisa awujud berita, kriminal, politik, anekdot, karikatur, iklan, lan sakpiturute.

Conto ariwarti sing terbit saben dina kayata Kompas, Jawa Pos, Swara Merdeka.

Contoh utawa tuladha teks ariwarti singkat mawa 5W+1H:

Bus Kenanga Madani Biru ngalami kacilakan tunggal ing Tol Trans Sumatra, Sabtu, 29 Oktober 2021. Kedadean kasebut nyebabake macet dawane 3 kilometer.

Kemacetan parah amarga awak bis nutupi 100 persen dalan sing ana. Ditambah karo keterlambatan truk derek sing teka ing lokasi.

Sopir bis kasebut nerangake yen bis ana ban ngarep kiwa bosok, mula bis ora bisa dikendhali lan nabrak pembagi dalan.

“Ban mbledos, bis oleng banjur nabrak pemisah dalan, bis kasebut mlaku kanthi kacepetan 100 km saben jam.” jare Parlan (sopir bis).

Bus Kenanga Madani Biru mangkat saka Pelabuhan Bekauheni tumuju Palembang. Ora ana penumpang ing bis, mula ora ana korban jiwa. Nanging, kerugiane kira-kira atusan yuta, amarga bis kasebut rusak.

“Iki saka Bakauheni, arep menyang Palembang. Buse kosong amarga arep njupuk rombongan study tour saka salah sawijining kampus ing Sumatera Selatan.” ujare Parlan.

“Iki jelas rugi, atusan yuta. Tapi tak kira ana asuransine.” tutupe.

Polisi sing teka ing lokasi banjur menehi garis keamanan lan langsung minggirake bis. Sawise 4 jam macet, pungkasane dalan tol bisa normal maneh.

Kalawarti

Kalawarti ing Basa Jawa
Bergiat Menulis dalam Bahasa Jawa sebagai Upaya Melestarikannya

Tembung kalawarti kedadean saka tembung kala lan warti. Kala tegese jarang-jarang dene warti tegese warta.

Nah, saka tembung iki bisa dimangertini tegese kalawarti yaiku pawarta utawa berita kang diterbitake kanthi periode wektu tertamtu, kayata seminggu pisan, sewulan pisan, saben nem wulan lan sapiturute. Dadi kalawarti ora terbit saben dina.

Sebutan kalawarti miturut wektu terbite:

  • dwikala (diterbitaken kaping pindho saben wulan)
  • saptawarti (koran mingguan)
  • dasawarti (diterbitaken saben sepuluh dinten)
  • candrawarti (koran bulanan)

Biasane kalwarti wujude arupa majalah.

Contoh/ tuladha kalwarti kayata majalah Jayabaya, Panjebar Semangat, Gatra, lan Jaka Lodhang.

Contoh Ariwarti lan Kalawarti sing Pernah Terbit

  1. Kejawen (1926)
  2. Bromartani (1885)
  3. Jurumartani (1886)
  4. Dharmo Kondho (1899)
  5. Retno Dunilah (1895)
  6. Pustakawarti (1922)
  7. Mawa (1922)
  8. Pangunggah (1917)
  9. Budi Utomo (1920)
  10. Sedyo Utomo (1925)
  11. Jawi Kondho (1924)
  12. Jawi Hisworo (1924)
  13. Pustaka Jawi (1922)
  14. Sasadara (1931)
  15. Candra Kanta (1933)
  16. Panyebar Semangat (1933)
  17. Panji Pustaka (1943)
  18. Krama Duta (1931)
  19. Wara Darma (1931)
  20. Islam Bergerak (1917)

Contoh Ariwarti lan Kalawarti Miturut Kota Terbit

Kalawarti ing Basa Jawa

Edisi Jakarta

  1. Mardika (1967)
  2. Kumandhang (1973)
  3. Kunthi (1970)
  4. Pancasila
  5. Darmajati (2005)

Edisi Yogyakarta

  1. Waspada (1952), wes dibekukan
  2. Kembang Brayan (1966)
  3. Joko Lodhang (1967)
  4. Mekarsari (1950)
  5. Rara Jonggrang
  6. Praba (Saiki wis ganti nganggo Basa Indonesia)
  7. Kandha raharja (lampiran sak koran Kedaulatan Rakyat)

Edisi Semarang

  1. Pustaka Candra (dening Depdikbud)

Edisi Surakarta

  1. Dharma Nyata
  2. Parikesit (1971)
  3. Pradhapa
  4. Gumregah
  5. Candrakirana (1964)
  6. Darma Kandha (1970)
  7. Mbangun Tuwuh (1980)

Edisi Surabaya

  1. Kekasihku
  2. Gotong Royong (1963)
  3. Tuladha (1967)
  4. Jayabaya (1945)
  5. Panyebar semangat (1933)
  6. Cendrawasih (1957)
  7. Crita Cekak (1955)
  8. Panakawan (1951)
  9. Jawi Anyar (1952)

Kesimpulan

Kalawarti lan Ariwarti minangka dadi piranti kanggo nguri-uri lan nglestarekake kasusastran Jawa amarga akehe karya sastra Jawa sing dicritakake. Mula ing generasi 50-an uga diarani sastra majalah.

Maca berita/ pawarta iku penting supaya kita ngerti kedadean kedadean ing daerah liya lan dadi pengetahuan anyar.

Iya iku sekilas tegese ariwarti lan kalawarti ing basa Jawa lan conto contone.

Muga-muga penyajian ariwarti lan kalawarti basa Jawa ing situs iki bisa mujudake pawarta basa Jawa sing menarik, faktual, lan aktual.

Categories
Bahasa Jawa

√ Penjelasan Basa Ngoko Alus Lengkap (Yaiku, Fungsi & Tuladha)

Basa ngoko alus – Unggah-ungguh basa Jawa ana telung tingkatan. Ana basa ngoko, madya, lan krama. Ngoko kaperang dadi ngoko lugu lan ngoko alus (campuran ngoko lan krama).

Ana ing wacan iki, awak dhewe mung arep ngrembag babagan basa ngoko alus supaya luwih fokus lan paham.

Basa Ngoko Alus Yaiku

Sing diarani basa ngoko alus yaiku jinise basa sing kecampuran basa ngoko lugu lan krama inggil. Krama inggil sing digunakake ing ngoko alus nduweni tujuwan kanggo pakurmatan marang wong sing dijak omong omongan.

Wujude basa ngoko alus yaiku basa ngoko kanggo awake dhewe lan basa krama kanggo mbasakne wong kang diajak omong omongan utawa wong sing di omongne.

Ukara ukara sing kudu di kramakne yaiku kata ganti, kata kerja lan barang kang diduweni.

Ngoko Alus Digunaake Marang

Awak dhewe kudu ngerti panganggone saben unggah ungguh basa supaya ora diguyu wong liya.

Senajan padha padha ngoko, panganggone ngoko alus lan ngoko lugu iku ora padha.

Basa ngoko alus bisa digunaake marang:

  • Kanca raket nanging padha ngajeni.
  • Wong tuwa sing luwih dhuwur pangkate karo wong sing luwih enom, nanging cedhak banget.
  • Ngobrol karo wong liya sing dihormati.
  • Wong wedok marang bojone.
  • Nulis ing majalah kanggo ngurmati sing maca.

Bedane Ngoko lan Krama

Ing ngisor iki ana contoh bedane tembung ngoko lan tembung krama ing basa Jawa:

Bahasa Indonesia Ngoko Alus
Makan Mangan  Dhahar
Minum Ngombe  Ngunjuk
Tidur Turu  Sare
Pergi Lunga  Tindak
Naik Sepeda Numpak  Nitih
Pulang Bali  Kondur
Sakit Lara  Gerah
Mandi Adus  Siram
Duduk Lungguh  Pinarak
Meninggal Mati  Seda
Membeli Tuku  Mundhut

Tuladha Ukara Ngoko Alus

Ing ngisor iki ana pira pira tuladha utawa contoh ukara kang nganggo basa ngoko alus.

  1. Aku nyuwun pirsa, daleme mas Budi kuwi, neng endi?
  2. Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, mas Budi?
  3. Panjenengan mau arep diparingi kok ora kersa, genahe ta?
  4. Eyangku isih durung bisa kondur saiki jalaran isih tindak pasar.
  5. Panjenengan kok ora dhahr dhisik ta Pak, saiki wis jam pitu lo!
  6. Matur nuwun marang sapa wae sing wis kersa paring panyaruwe.
  7. Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit.
  8. Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis.
  9. Eyang lagi dhahar sega goreng.
  10. Simbah lagi sare.
  11. Bapak dhahar sate ayam.
  12. Ibu ngunjuk wedang jahe.
  13. Simbah sare ing ngarep tivi.
  14. Budhe Tuti tindak menyang Jakarta mengko sore.
  15. Pak Dika tindak sekolah nitih mobil pajero.
  16. Pakhe Joko kondur seko rumah sakit.
  17. Pak Nugroho ora tindak menyang sekolah amarga gerah.
  18. Mbah Kakung siram nganggo banyu anget.
  19.  Pak Guru pinarak ing sofa paling ngarep
  20. Mbah Kyai Abdurrahman wis seda.
  21. Aja padha ribut, Simbahku lagi sare

Iku mau penjelasan babagan basa ngoko alus awit saka pangerten, fungsi lan contone. Muga-muga migunani lan ndadekake seneng sinau! Muga-muga sampeyan entuk asil sinau sing apik, Amin. Penjelasan Basa Ngoko Alus