Pranatacara yaiku salah suwijining pakaryan kang ana gegayutane karo pasamuan utawa adicara ana ing madyaning bebrayan Jawa.
Pranatacara uga diarani pambyawara, pranata adicara, utawa pranata laksitaning adicara.
Ana ing basa Indonesia diarani pewara, pembaca acara dan kadang disingkat MC (master Ceremony) Ing artian wong kang mandu dalane acara.
Jawa utawa pambyawara mujudake pawongan kang nglantaraake utawa nata lumakuning adicara ana ing upacara adat Jawa kayata:
kudu bisa olah basa lan sastra apa kang dikarepake olah basa lan sastra yaiku pranatacara/ pambyawara kudu bisa nglafalake utawa ngucapake tetembungan basa Jawa krama inggil kanthi bener, sarta nata swara supaya tetap narik kawigaten.
Sakliyane kuwi swara, napas uga kudu ditata.
Struktur teks iku meh padha kaya teks tanggap wacana, yaiku kaiket saka:
Salam Pambuka
Salam pambuka isine ngucapake salam marang para rawuh lan para tamu, minangka tanda sapa aruh lan pakurmatan.
Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane kayata:
Salam Pakurmatan
Salam pakurmatan ana ing pranatacara basa Jawa minangka mujudake atur pakurmatan marang sapa sing rawuh.
Diwiwiti saka sing paling dhuwur kalungguhane/ pangkate nganti tumekane para hadirin kang kepareng rawuh.
Tuldha salam pakurmatan:
Pambuka
Pambuka yaiku ngandharaake atur pamuji syukur ing Ngarsaning Gusti Kang Maha Kuwasa, sarta atur panuwun marang para sing keparing rawuh.
Andharan/ Isi
Andharan isi jroning pranata cara yaiku ngandharaake tata urutan adhicara kang bakal dilakoni siji mbaka siji tata urutane diwacaake, nalikane saben saben acara wis dilakoni, perlu diwenehi andharan utawa komentar kepriye lumakune acara kang wus kelakon.
Panutup
Mujudake pangarep-arep (harapan), ajak ajak, dudutan (kesimpulan), andharan, atur panuwun, lan panyuwunan ngapura marang para hadirin ngenani kekurangan anggone ngandharake utawa ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk.
Salam Panutup
Salam panutup tanggap wacana padha karo salam pantup pranatacara yaiku isine ngaturake salam marang sapa wae sing padha rawuh.
Tumrap pranatacara sak durunge nindaake jejibahan luwih dhisik kudu nyiapake rantamane adicara.
Merga pranatacara iku dumadi saka pambukane acara, intisarine acara, lan panutupe acara mulane teks pranatacara iku kudu ditulis dening wong sing bener bener nduwe anggung jawab marang lumakune adicara yaiku sang pranatacara.
Ana sawijining bab bab kang kudu digatekake nalika nulis teks adicara dening pranatacara kayata:
Kanggo njumbuhake marang wong sing ngrungoaake kudune pranatacara ngerteni babagan unggah ungguh basa Jawa.
Pranatacara karo adicara iku gegandhengan. Anane pranatacara iku kerana kudu ngatur lumakune adicara.
Bab bab ing ngisor iki kudu ditulis ing rantaman adicara dening pranatacara:
Tuladha rerangkening adhicara:
Tuladha teks pranatacara kagem acara purnawiyata sekolah dening Bintarifr ing Brainly.
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabaarakaatuuh
Bapa Kepala SMA 1 Sekar ingkang kinurmatan.
Bapa / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati.
Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan lan kasarasan saengga kula lan panjenengan sedaya saget kempal wonten ing papan punika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara ing enjing niki, inggih punika :
1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMA 1 Sekar
6. Panutup
Adicara kaping setunggal inggih punika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan Al- Fatihaah sesarengan.
Matur suwun.
Adicara kaping kalih inggih punika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping tiga inggih punika pentas seni hadrah saking kelas X lan kelas XI, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih punika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping gangsal inggih punika atur pangandikan saking Kepala SMA 1 Sekar. Dhumateng Bapa Kepala Sekolah, kula sumanggaaken.
Matur suwun.
Adicara ingkang kaping enem inggih punika Panutup. Mugi – mugi acara kita punika saget dados kenang – kenangan lan barokah. Monggo kita pungkas adicara ing siang punika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabilln ‘alamin.
Bapa Ibu lan tamu undangan, sasampunipun adicara punika, kulo ingkang tumindak pranata adicara ing enjing dugi siang punika, mbok bilih wonten klenta – klentu anggenipun matur kulo nyuwun pangapunten samudraning pangaksami dumatheng panjenengan sedoyo. Matur suwun. Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuuh.
Wusana cukup semene ulasan bab, muga muga bisa manfaat kanggo sinau kanca kanca kabeh.
Sumber lan referensi:
Pendalaman Buku teks Bahasa Jawa oleh Tim MGMP Kab Blitar untuk Kelas 3 SMP
https://brainly.co.id/tugas/9526576
Tags:
teks pranatacara, pranatacara, pranatacara yaiku, pranatacara bahasa jawa, contoh pranatacara bahasa jawa, contoh teks pranatacara bahasa jawa singkat, pranatacara singkat, pranatacara bahasa jawa,
Jenis bahan mukena - Apakah kamu berniat membeli mukena baru? Sudahkah kamu merencanakan dari bahan…
Jenis kain tote bag keren dan kekinian - Tote bag akhir akhir ini mulai nge-trend…
Apakah Anda ingin memberikan mainan yang mendidik untuk anak Anda? Membuat mainan edukatif sendiri adalah…
Jenis jenis tali - Hai, apakah kamu pernah ikut dalam kegiatan pramuka tali temali? Jika…
Jenis jenis resleting - Jika kamu gemar menggunakan jaket, kamu mungkin pernah memperhatikan bentuk resleting…
Jenis jenis bahan topi - Topi kini tak lagi hanya berfungsi sebagai pelindung dari sinar…
This website uses cookies.