Wara wara yaiku – Ngomong ngomong babagan wara wara, nyatane kita asring nemoake wara wara ing sekolah, perpustakaan, papan kanggo ibadah, lan papan umum liyane.
Nah, supaya luwih paham wara wara iku apa, ing kene kita bakal ngerteni babagan wara-wara, awit saka pangerten, ciri ciri nganti langkah-langkah kanggo nggawe wara wara, mula ayo disimak kanthi tliti.
Wara-wara ing basa Jawa diwaca “woro-woro”.
Wara wara asale saka tembung wara kang tegese ‘kandha’ utawa ‘ngomong’. Nanging wara wara iki dudu sembarang ngomong kamangka ditujuake marang wong akeh.
Gampange ngomong, wara-wara ing Bahasa Indonesia artine “Pengumuman”. Dadi sampeyan kabeh mesti langsung paham.
Dene pangertene wara wara iku ana akeh nanging, sejatine padha wae intine.
Dadi, wara wara yaiku pocapan utawa tulisan sing isine aweh weruh marang wong liya ing sawijining panggonan.
Paham nggeh?
Sabanjure, wara-wara biasane dikarepake kanggo menehi ngerti bab kahanan sing wigati (penting), nanging wara-wara uga bisa kanggo iklan kayata nggolek tenaga kanggo nyambut gawe.
Wara-wara bisa digiyarake marang masyarakat lumantar speaker, layang-layang kabar, radio, TV utawa internet.
Meh padha karo babagan layang, wara wara uga ana jenis jenise.
Jinise wara wara miturut sifate ana 2 yaiku:
1. Wara-wara Resmi
Wara wara resmi yaiku wara-wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi utawa sa kumpulan.
Tetenger (ciri-cirine) wara-wara resmi yaiku:
2. Wara-wara ora Resmi
Wara wara ora resmi yaiku wara wara kang digawe dening pawongan biasa ora kaiket dening aturan dinas.
Tetenger (ciri-cirine) wara-wara ora resmi yaiku:
Miturut wujude, wara wara uga ana 2 jinis yaiku:
1. Wara wara lisan yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media elektronik, kayata: Tivi, Radio, lsp.
2. Wara wara tulisan yaiku wara-wara kang digiyarake lumantar media cetak. kayata: ariwarti, kalawarti.
Wara wara bisa dirinci kamangka isine. Isi wara wara iku bisa arupa wara wara bab kegiyatan, undangan utawa lelayu.
Saka iku, wara-wara bisa kaprinci dadi sanga, yaiku :
1. Paturan (laporan).
2. Pratelan (pernyataan).
3. Iber-iber (plakat selebaran).
4. Sedhahan (ulem, undhangan).
5. Aben trampil (perlombaan).
6. Patembaya (sayembara).
7. Lelayu (seripah).
8. Komersial (iklan).
9. Sandi (ceramah).
Perangane wara wara resmi ana 9 yaiku:
Perangane Wara-Wara:
1. Judul/Irah-irahan
2. Adangiyah/salam taklim
3. Bebuka/Pambuka
4. Surasa Basa/ Isi
5. Wasana Basa/ Panutup
6. Panggenan lan titi mangsa
7. Peprenah/jabatan
8. Tapak Asta
9. Asma Terang
Ana bab-bab kang perlu digatekake nalika nggawe wara-wara yaiku:
1. saka sapa wara-wara mau kababar
2. kanggo sapa wara-wara mau
3. surasane (isine) apa
4. kapan wara-wara mau digawe
5. kapan kagiyatan mau katindakake
6. ana ing ngendi mapane
7. sapa kang mandegani
Ing ngisor iki ana sawijining tuladha wara wara resmi lan ora resmi kanggo referensi nggawe wara wara.
— WARA WARA PENTING —
Dhilut maneh arep terbit tabloid Basa Jawa.
Kanggo sapa wae kanca kanca sing arep ngirim tulisan artikel, sastra, foto, gambar ilustrasi, bisa dikirim ing email jawacana@gmail.com.
Syarat:
Ana honor kanggo karya-karya sing terbit.
—- RUWATAN SUKERTA, JAMASAN PUSAKA —
1 Suro 1436 Museum Tosan Aji 25 Oktober 2014.
Kasumanggakake ingkang badhe njamas pusaka.
Dalang Ruwat: Ki Sutarko
Informasi lan pendaftaran:
Kalawarti Purworejo Post Jl Pramuka 5 Purworejo
telpun (0275) 321222 (hunting)
Elly/Darmono.
Enggal ndhaftaraken, panyarta winates.
Purworejo Post
Minggu 01 Oktober 2014
Kanca-kanca kang tak tresnani, gegayutan karo dina ulang tahunku kang kaping 15. Aku ngarep-arep supaya kanca-kanca teko sesuk ing :
Dina/Tanggal : 8 April 2014
Wanci : 09.00 WIB
Papan : Cafe Baratha
Banget tak ngarep-arepke konco-konco ku padha teko.
Ayu Widharti
SMK TUNAS BANGSA
Jalan Pemuda No.86 Semarang
Tlp: (0276)636251
Wara-wara
No.178/05/2014
Assalamu’alaikum WR.WB
Kanggo mengeti dina Pendidikan Nasional, SMK Tunas Bangsa Semarang arep nganakake lomba keresikan kelas.
Lomba arep dilaksanake ing :
Dina/Tanggal : Jum’at, 9 Mei 2014
Wanci : 07.00 WIB
Papan : SMK Tunas Bangsa
Kabeh siswa diwajibke melu andil ana ing kegiatan ngeresiki kelas.
Wasalamu’alaikum Wr.Wb
Semarang, 5 Mei 2014
Kepala Sekolah
Basari,SPd
Nalika kita maca wara wara kita mesthi pengin wara wara kita entuk kawigaten. Mula kudune kita gateake bab bab nalika maca wara wara.
Prakara kang kudu digatekake sajroning maca wara-wara yaiku:
1. Pocapan kudu bener lan trep
2. Lagune (intonasi) kudu digatekake
3. Sikep kudu apik
4. Nguasani isine wara-wara iku
5. Pandhelenge ing anggone teks maca lan wong-wong sing ngrungokake.
Matur nuwun wis maca artikel bab wara wara nganti pungkasan. Ing artikel iki kita wis sinau yaiku:
Sampun nggeh, muga muga saged migunani. Waca Uga artikel kang gegandhengan karo wara wara kayata bab tanggap wacana, pariwara lan pranatacara.
Tembang Dhandanggula - Setiap dari kita pasti punya yang namanya cita-cita, impian atau angan-angan yang…
Tembang Asmarandana merupakan salah satu tembang macapat yang cukup populer di kalangan muda mudi pada…
Tembang Kinanthi - Jika masyarakat modern punya bioskop, konser, karaoke untuk menghibur diri di kala…
Tembang Macapat Maskumambang merupakan salah satu anak dari tembang macapat atau tembang dolanan. Jika diurutkan…
Apakah Anda ingin menghabiskan waktu berkualitas dengan anak Anda sambil mengasah kreativitas mereka? Mainan DIY…
Tembang Mijil - Hai sobat paduka sekalian, bagaimana kabar kamu hari ini? semoga selalu dalam…
This website uses cookies.