Uncategorized

√6 Jenis Jenis Tembung Sesulih: Pangerten lan Tuladha

Tembung sesulih yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.

Tembung sesulih yen ing basa indonesia diarani kata ganti.

Tembung sesulih minangka sesulih utawa pengganti sawijining wujud (benda) supaya ora disebutake bola-bali.

Tembung sesulih ana enem werna utawa jenis, yaiku:

  1. sesulih purusa,
  2. sesulih pandarbe,
  3. sesulih panuduh,
  4. sesulih pitakon,
  5. sesulih panyilah,
  6. sesulih sadhengah.

A. Tembung Sesulih Purusa

Tembung sesulih purusa yaiku tembung sesulih sing dienggo nyulihi wong.

Tembung sesulih purusa ana telu yaiku:

  1. Utama purusa, yaiku purusa ka-1 wong sing rembugan. Sing kalebu utama purusa yaiku aku, kula, ingsun, adalem, abdi dalem, kawula, kita.
  2. Madya purusa yaiku purusa ka-2 wong sing diajak rembugan, kayata kowe, sampeyan, jengandika, dika, nandalem, samang, slirane, awake, panjenengan, sira.
  3. Pratama purusa yaiku purusa ka-3 wong sing dirembug, kayata dheweke, dheke, dheknene, piyambake, piyambakipun.

Tuladha ukara migunaake sesulih purusa:

  • Kula wau enjing ko sumerep pak lurah mondar mandir ta bu lurah, wonten napa nggih?” – Utama purusa
  • ” Hoalah bu, apa to kok kita kedah ngatos ngatos, niku lho yogane pak Prapto nembe kecelakaan merga kebut-kebutan, niki pak lurah badhe ngurus pemulangan jenazah, bu” –Madya purusa
  • ” Ya Alloh, ngoten menika? pancen bu dheweke niku asring kebut-kebutan menawi dalu ngoten, lha kok akhire kados ngeten bu. Sampun kersane gusti bu.” –Pratama purusa

B. Tembung Sesulih Pandarbe

Tembung sesulih pandarbe yaiku tembung sesulih sing dienggo nyulihi keduwekan.

Sesulih pandarbe uga ana telu yaiku:

  1. Pandarbe purasa ka-1 yaiku: -ku, -kula.
  2. pandarbe purusa ka-2 yaiku: -mu, -sampeyan, -panjenengan.
  3. pandarbe purusa ka-3 yaiku: -e, -ne, -ipun.

Tuladha ukara migunaake tembung sesulih pandarbe:

  • Mat, motormu ana omah apa ora?
  • Iya, motorku ana omah, ana apa?
  • Nyilih sedhilut ya, arep tak gawe njaitne sepatune Bambang.

C. Tembung Sesulih Panggandheng

Tembung sesulih panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandhengake babone ukara karo anake ukara, misale tembung sing, ingkang, mulane.

Tembung sesulih penggandheng uga diarani tembung sesulih panyilah.

Tuladha:

  • Sawangen putrane pak Prapto saiki, kebut-kebutan iku ora keren tapi mbahayani, mulane dadi wong ojo seneng kebut-kebutan.
  • Buku sing daktuku wingi kae disilih Tutik.
  • Swara kang ngabangke kuping ora perlu dirungokake.
  • Bab kang arep dakaturake iki beda karo liyane.
  • Ingkang ngagem rasukan bathik punika dosen kula.
  • Bab ingkang panjenengan aturaken kala wau pancen leres.

D. Tembung Sesulih Sadhengan

Tembung sesulih sadhengan yaiku tembung sesulih sing dienggo nyulihi barang barang sing durung maton, durung genah utawa durung mesthi.

Tuladha tembung sesulih sadhengan yaiku: sawijining, apa-apa, apa bae, sapa-sapa, saben uwong, kabeh, sing sapa (bae), lan salah siji.

Tuladha:

  • Iki kalebu sawijining bab kang kudu antuk kawigaten.
  • Apa-apa kok ora bisa, gumun aku.
  • Kowe mau tuku apa bae?
  • Saben uwong mung entuk jatah siji.
  • Sing sapa liwat kudu mbayar.

E. Tembung Sesulih Panuduh

Tembung sesulih panuduh yaiku tembung sesulih sing dienggo nuduhake barang sing cedhak, adoh lan rada cedhak.

Tuladhane tembung sesulih panuduh: iki, kae, kuwi, punika.

Tuladha ukara migunaake tembung sesulih panuduh:

  • Bud, iki ngono buku pakete sapa? ko ora diurusi.
  • Ngapunten pak, punika buku paket gadhae Rumi.
  • Lha menyang ngendi bocah kae malahan?

Waca uga: Tuladha tembung lingga.

F. Tembung Sesulih Pitakon

Tembung sesulih pitakon yaiku tembung kang gunane kanggo pitakon. Kang ditakokake iku bisa awujud barang, uwong, utawa kaanan.

Jenis Jenis Tembung Sesulih, Sing kalebu tembung sesulih pitakon yaiku apa, sapa, ngapa, yagene, genea, endi, sing endi, kapan, kepriye (priye/piye), lan pira.

Tuladha ukara nggawe sesulih pitakon:

  • Apa iki sing jenenge cethel?
  • Sing mrene mau sapa, kang?
  • Kowe mau kok nangis ngapa, dhik?
  • Yagene kowe mlayu-mlayu, Ita?
  • Genea kowe teka telat?
  • Iki kaosmu sing endi?

Sumber lan Referensi

http://herjawa.blogspot.com/2015/03/tembung-sesulih.html

Pendalaman buku teks bahasa jawa untuk siswa SMP/MTs kelas IX oleh Tim MGMP Kab Blitar

Share
Published by

Recent Posts

√ 9+ Jenis Tembang Jawa Beserta Pengertian dan Contohnya

Jenis tembang Jawa - Suku Jawa merupakan suku yang kaya dengan berbagai kesenian dan kebudayaan.…

6 hours ago

Cara Membuat Mainan Edukatif untuk Anak

Saat ini, mainan edukatif telah menjadi pilihan yang populer bagi para orang tua yang ingin…

19 hours ago

√ 27+ Puisi Bahasa Jawa Semua Tema Paling Lengkap 2020

Puisi Bahasa Jawa - Puisi tidak hanya terdapat dalam bahasa Indonesia, dalam bahasa daerah seperti…

1 day ago

√ 17+ Contoh Tembang Megatruh: Pengertian, Watak, Contoh Lirik

Tembang Megatruh - Setelah membahas tembang macapat Pangkur pada artikel sebelumnya, kali ini kita akan…

2 days ago

√ 23+ Contoh Tembang Pangkur: Gancaran, Watak dan Teges

Kumpulan contoh tembang Pangkur - Salah satu tembang macapat yang hendak saya bahas pada postingan…

2 days ago

√ 27+ Contoh Tembang Durma Beserta Lirik, Watak dan Artinya

Contoh tembang Durma - Setelah membahas tembang Dhandanggula tempo lalu, sekarang mari kita kupas salah…

3 days ago

This website uses cookies.