Bahasa Jawa

√7 Unsur Intrinsik lan Ekstrinsik Drama Jawa

Unsur intrinsik drama Jawa – unsur unsur kang ana ing sajroning teks drama iku ana loro yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik.

Unsur intrinsik lan ekstrinsik iki tetep ana ing sekabehing jenis drama tradisional Jawa.

Unsur Ekstrinsik Drama Basa Jawa

Unsur ekstrinsik drama yaiku gambaran ngeneni jaman, adat istiadat, budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa di tintingi saka drama.

Budaya sing bisa ditintingi saka drama yaiku budaya Jawa awit unggah-ungguh basane sing mung ana ing budaya jawa.

Unsur Intrinsik Drama Jawa

Unsur instrinsik drama yaiku unsur sing ana ing njero karya sastra drama lan mbangun utuhe pagelaran drama.

Unsur intrinsik drama Jawa ana pitu yaiku:

  1. alur (plot)
  2. peraga lan wewatake
  3. pirembugan (dialog)
  4. setting utawa latar
  5. tema
  6. pesen moral (amanat)
  7. pituduh teknis (pituduh laku)
  • Alur (plot)

Alur utawa plot yaiku mujudake rerangkening crita saka wiwitan nganti pungkasan kang uga mujudake rerangkening konflik antarane paraga.

  • Paraga lan wewatake

Paraga lan wewatake yaiku para paraga sing kedhapuk jroing drama. Saben paraga kudu bisa dhapuk adhedasar watak sing diperagaake.

  • Pirembugan (dialog)

Pirembugan utawa dhialog yaiku mujudake ciri khase teks drama. Dhialog sajroning teks drama mujudake basa padinan kang komunikatif (dudu basa tulis).

  • Setting utawa latar

Setting utawa latar yaiku mujudake gegambarane panggonan, wektu, lan swasana dumadine crita ing sajroning pagelaran drama.

  • Tema

Tema yaiku mujudake bakune gagasan jroning cerita drama sing dikembangake lumantar rerangkening crita (alur), paraga lan wewatake kang bisa njalari dumadine konflik (pasulayan) antarane paraga protagonis karo paraga antagonis.

Artikel sing gegandhengan : Struktur teks drama basa Jawa.

  • Pesen moral (amanat)

Pesen moral atau amanat mujudaake piwulang piwulang sing kepingin diandharake dening pengarang lumantar pagelaran drama.

  • Pituduh teknis (pituduh laku)

Pituduh teknis (pituduh laku) yaiku mujudake pituduh ngenani panggonan, wektu, swasana utawa kahanan kang kepriye tumindak sing kudu ditindaake dening saben saben paraga.

Mangkene ulasan babagan unsur entrinsik lan ekstrinsik drama basa Jawa. Muga-muga bisa migunani kanggo kabeh sing maca. Matur suwun.

Sumber: PBT Bahasa Jawa kelas 9 Semester Ganjil Dening Tim Bakti Guru Kab Blitar.

Share
Published by

Recent Posts

√ 9+ Jenis Tembang Jawa Beserta Pengertian dan Contohnya

Jenis tembang Jawa - Suku Jawa merupakan suku yang kaya dengan berbagai kesenian dan kebudayaan.…

10 hours ago

Cara Membuat Mainan Edukatif untuk Anak

Saat ini, mainan edukatif telah menjadi pilihan yang populer bagi para orang tua yang ingin…

23 hours ago

√ 27+ Puisi Bahasa Jawa Semua Tema Paling Lengkap 2020

Puisi Bahasa Jawa - Puisi tidak hanya terdapat dalam bahasa Indonesia, dalam bahasa daerah seperti…

1 day ago

√ 17+ Contoh Tembang Megatruh: Pengertian, Watak, Contoh Lirik

Tembang Megatruh - Setelah membahas tembang macapat Pangkur pada artikel sebelumnya, kali ini kita akan…

2 days ago

√ 23+ Contoh Tembang Pangkur: Gancaran, Watak dan Teges

Kumpulan contoh tembang Pangkur - Salah satu tembang macapat yang hendak saya bahas pada postingan…

2 days ago

√ 27+ Contoh Tembang Durma Beserta Lirik, Watak dan Artinya

Contoh tembang Durma - Setelah membahas tembang Dhandanggula tempo lalu, sekarang mari kita kupas salah…

3 days ago

This website uses cookies.