Bahasa Jawa

√25 Contoh Ukara Lamba lan Pangertene

 Ukara Lamba lan Pangertene, Padukata.com – Padha karo ing basa Indonesia, ing basa Jawa uga ana macem-macem ukara. Ana ukara tanggap, ukara tanduk, ukara camboran lan sapiturute.

Sawetara ukara bakal dibahas ing artikel mbesuk. Saiki kita bakal ngrembug jinis ukara sing paling dhasar, yaiku ukara lamba.

Artikel iki kalebu pangerten ukara lamba lan tuladha utawa contoh ukara lamba.

Amarga iki kalebu bab kang penting, mula ayo disimak kanthi tliti.

Ukara Lamba Yaiku

 Ukara Lamba lan Pangertene, Ukara lamba yaiku ukara kang gagasane utawa andharane mung siji.

Artine ukara lamba yaiku ukara kang polane mung kadadean saka jejer, wasesa lan lesane mung siji.

Nah sebenere apa seh kang diarani jejer, wasesa lan lesan iku?

  • Jejer (subjek) yaiku perangan kang dadi bakune ukara.
  • Wasesa (predikat ) yaiku perangan kang ngandharake jejer.
  • Lesan (objek) yaiku perangan kang diender utawa dituju.

Ukara lamba uga diarani ukara tunggal.

Ukara lamba iku wujude ukara crita utawa kandha (kalimat berita).

Contoh ukara lamba lan perangane:

Ibu tumbas sayur.

  • Ibu: jejer
  • tumbas: wasesa
  • sayur: lesan

Bapak maos koran.

  • bapak: jejer
  • maos: wasesa
  • koran: lesan

Mas Galih nyancang sapi.

  • Mas Galih: jejer
  • nyancang: wasesa
  • sapi: lesan

Contoh Ukara Lamba

Ing ngisor ana 25 contoh ukara lamba kang bisa dadi bahan sinau.

  1. Koran diwaca bapak.
  2. Ibu tumbas sayur.
  3. Simbah nitih sepur.
  4. Sumini asah-asuh
  5. Adhiku maca layang kabar Suara Merdeka
  6. Tini lagi ndolani adhine ana ing ngarepan
  7. Yulianta sinau matematika lan basa Indonesia
  8. Bapak nembe sare.
  9. Ani nyapu latar.
  10. Ibu mundhut sayuran ing peken.
  11. Dina Selasa Mas Joni kelangan jaket.
  12. Bulik nembe siram.
  13. Dimas numpak sepedha.
  14. Bapak sare
  15. Ibu masak bakmi goreng
  16. Adhiku dolanan montoran ing ngarepan
  17. Ratih garap tugas
  18. Sapine bapak mangan suket
  19. Bu Jum bakulan tempe.
  20. Bocah bocah sinau daring.
  21. Cecak gumantung ing lawang.
  22. Aku tuku layangan.
  23. Pasare katon resik.
  24. Motore bala bali macet.
  25. Karyawan padha ngaso.

Mangkene panjelasan babagan ukara lamba utawa ukara tunggal, mugi saged migunani kangge bebrayan agung.

 

Share
Published by

Recent Posts

√ 9+ Jenis Tembang Jawa Beserta Pengertian dan Contohnya

Jenis tembang Jawa - Suku Jawa merupakan suku yang kaya dengan berbagai kesenian dan kebudayaan.…

6 hours ago

Cara Membuat Mainan Edukatif untuk Anak

Saat ini, mainan edukatif telah menjadi pilihan yang populer bagi para orang tua yang ingin…

19 hours ago

√ 27+ Puisi Bahasa Jawa Semua Tema Paling Lengkap 2020

Puisi Bahasa Jawa - Puisi tidak hanya terdapat dalam bahasa Indonesia, dalam bahasa daerah seperti…

1 day ago

√ 17+ Contoh Tembang Megatruh: Pengertian, Watak, Contoh Lirik

Tembang Megatruh - Setelah membahas tembang macapat Pangkur pada artikel sebelumnya, kali ini kita akan…

2 days ago

√ 23+ Contoh Tembang Pangkur: Gancaran, Watak dan Teges

Kumpulan contoh tembang Pangkur - Salah satu tembang macapat yang hendak saya bahas pada postingan…

2 days ago

√ 27+ Contoh Tembang Durma Beserta Lirik, Watak dan Artinya

Contoh tembang Durma - Setelah membahas tembang Dhandanggula tempo lalu, sekarang mari kita kupas salah…

3 days ago

This website uses cookies.