√4 Unggah Ungguh Basa Jawa: Pangerten lan Tuladhane

Unggah ungguh basa Jawa– Basa minangka sarana komunikasi. Kanthi basa, kita bisa nuwuhake maksud marang wong liya.

Basa uga digunakake minangka sarana kanggo ngaturake ide kanthi nulis. Mula panggunaan basa kudu bener. Kudu ngerti sapa sing diajak ngobrol.

” Bebasan ajining dhiri saka ing lathi, unggah-ungguh Basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/tatakrama tumuju kapribadhen kang santosa.”

Kira-kira iku sebabe anane unggah unggah utawa tataran basa ing basa Jawa.

Nah, kanggo nglancarake penganggone unnagh unguh basa kang minangka pranatan penganggone basa Jawa sing bener, ayo saiki nyinaoni kepriye carane ngecaake ungah ungguh basa Jawa sing trep, gatekna andharan ing ngisor iki.

Unggah Ungguh Basa Yaiku

Unggah ungguh basa jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa.

Gegandhengan karo pangerten unggah ungguh basa, wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh.

Kedadean iki kamangka wong saiki tindak lakune kudu cepet, jalaran nguber kabutuhane urip, nganggo paugeran cepet-cepet anggere slamet.

Bedo banget karo wong Jawa jaman biyen sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon.

Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk

Nah, ikulah geneya awak dhewe iki kudune tansah nyinaoni babagan unggah ungguh basa.

4 Unggah Ungguh Basa Jawa

Unggah ungguh basa kaperang dadi 4 miturut tatarane yaiku:

  1. basa ngoko lugu
  2. basa ngoko alus
  3. basa krama lugu
  4. basa krama alus.

Sabanjure bakal dijelasna siji mbaka siji apa ta iku basa ngoko alus, basa ngoko lugu lan sapiturute.

RECOMMEND :  √ 17+ Contoh Tembang Megatruh: Pengertian, Watak, Contoh Lirik

Basa Ngoko Lugu

Basa ngoko lugu yaiku unggah ungguh basa kang kadadean saka basa ngoko kabeh, ora nganggo basa krama babar pisan.

Utawa basa ngoko lugu yaiku unggah ungguh basa kang nggunakake ragam ngoko kabeh.

Ing basa ngoko lugu ora perlu ana pakuramatan.

Ngoko lugu umume digunaake dening:

  1. bocah padha bocah,
  2. bocah sing durung ngerti unggah ungguh,
  3. basa ngoko dienggo wong sepuh marang bocah cilik utawa marang wong nom sing ora perlu dihormati
  4. menyang sapadha-padha kang wis kulina banget.
  5. yen lagi ngunandika (gemreneng dewe)
  6. Dhuwuran menyang ngisoran

Tuladha ukara nganggo basa ngoko lugu:

  • Kowe sesuk apa sida nggawa kembang mawar?
  • Rabuk sakarung wingi apa sida dituku mas Karim?
  • Kowe mengko sore sida ngampiri aku les?
  • Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya!
  • Ras, kapan anggonmu teka?
  • Mas Budi, aku tulung waraono nggambar prespektif mas, ora bisa bisa awit esuk.
  • Mbok Minah, mengko kowe gawea slametan tumpeng kaya adate nyetauni putumu si thole

Basa Ngoko Alus

Basa ngoko alus uga diarani ngoko andhap.

Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kang kecampuran krama inggil.

Basa ngoko alus anane kanggo ngajeni wong sing dijak omong utawa sing dicritakne. Dadi basa sing dikramakake inggil mung tembung-tembung sing gegayutan karo wong sing dihormati.

Ing basa ngoko lugu amung tembung kriya (kata kerja) lan tembung ‘kowe’ kang di kramakna inggil.

Basa ngoko alus minangka unggah ungguh basa kang digunaake kanggo:

  1. Wong sing wis akrab nanging ngajeni banget
  2. wong pangkat karo wong pangkat sing wis akrab
  3. kanggo nyritaake wong sing kudu diajeni utawa dihormati
  4. Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate
  5. Garwane priyayi marang sing kakung.
RECOMMEND :  √ Penjelasan Basa Ngoko Alus Lengkap (Yaiku, Fungsi & Tuladha)

Tuladha ukara gawe basa ngoko alus:

  • Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa takdherekake?
  • Aku mau ngundhuh pelem akeh, Panjenengan apa kersa dakaturi?
  • Yen kersa mengko dakaturi sejinah.
  • Panjenengan sesuk apa sida ngasta kembang mawar?
  • Rabuk sing sakarung wingi apa sida dipundhut Mas Karim?

Basa Krama Lugu

Unggah ungguh basa Jawa kang kaping telu yaiku basa krama lugu.

Basa krama lugu yaiku unggah ungguh basa kang migunaake basa krama kabeh (yen ana kramane) lan ora dicampuri krama inggil.

Jenis krama sing digawe yaiku jenis krama madya (ater-ater lan panambange karma).

Panganggone basa krama lugu kayata:

  1. digunaake dening wongsing wis akrab nanging ora sepira ngajeni.
  2. bakul padha bakul
  3. wong tani karo wong tani
  4. Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni
  5. Garwane priyayi marang sing kakung
  6. Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajade.

Tuladha ukara nggawe unggah ungguh basa Jawa krama lugu:

  • Sampeyan mbenjing punapa tamtu mbekta sekar?
  • Rabuk inggal setunggal karung kalawingi punapa tamtu dipuntumbas Mas Karim?
  • Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat mbekta sepedha motor mas?
  • Napa ndika saking desa ngriki mawon to mas?

*Ater-ater = dak diganti kula, koe diganti sampeyan, di diganti dipun
Panambang = ku diganti kula, mu diganti sampeyan, e diganti ipun, ake diganti aken

Basa Krama Alus

Unggah ungguh basa Jawa kang pungkasan yaiku basa krama alus.

Basa krama alus uga diarani basa krama inggil.

Waca Uga: 1001 Kamus Krama Inggil lan Krama Madya Lengkap.

Inggil tegese dhuwur, kamangka iki ngono tataran unggah ungguh basa Jawa kang paling dhuwur.

nah, basa krama alus yaiku wujude unggah ungguh basa kang arupa basa krama lugu kecampuran krama inggil.

RECOMMEND :  √ Daftar Sasmitane 11 Tembang Macapat

Krama lugu rupane ater-ater lan panambang krama lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman).

Krama alus digunaake kanggo ngajeni wong sing diajak omong-omongan, nanging eling, kanggo awake dhewe ora usah dikramakne.

Panganggone basa krama inggil utawa krama alus yaiku:

  1. murid marang guru
  2. anak marang wong tuwane
  3. Wong enom marang wong tuwa
  4. Batur marang bendarane
  5. Andhahan marang pimpinane.
  6. Kanca karo kanca sing durung kulina.

Tuladha ukara nganggo krama inggil utawa krama alus.

  • Kula badhe matur dhateng ibu, bilih manawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut.
  • Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika sanget.
  • Panjenengan mbenjing punapa tamtu ngasta sekar mawar?
  • Rabuk ingkang setunggal karung kalawingi punapa tamtu dipunpundhut Mas Karim?

Sumber lan Referensi

https://www.senibudayaku.com/2019/11/unggah-ungguh-basa-jawa.html

https://3emezing.blogspot.com/2016/04/unggah-ungguh-basa-jawa.html

Pendalaman Teks Buku Bahasa Jawa Untuk Siswa SMP/ MTs Kelas 9 Oleh TIm MGMP Guru Blitar

Cukup semene panjelasan babagan unggah ungguh basa Jawa, muga bisa dadi artikel kang manfaat, nembah nuwun.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *