Ukara Lamba lan Pangertene, Padukata.com – Padha karo ing basa Indonesia, ing basa Jawa uga ana macem-macem ukara. Ana ukara tanggap, ukara tanduk, ukara camboran lan sapiturute.
Sawetara ukara bakal dibahas ing artikel mbesuk. Saiki kita bakal ngrembug jinis ukara sing paling dhasar, yaiku ukara lamba.
Artikel iki kalebu pangerten ukara lamba lan tuladha utawa contoh ukara lamba.
Amarga iki kalebu bab kang penting, mula ayo disimak kanthi tliti.
Ukara Lamba Yaiku
Ukara Lamba lan Pangertene, Ukara lamba yaiku ukara kang gagasane utawa andharane mung siji.
Artine ukara lamba yaiku ukara kang polane mung kadadean saka jejer, wasesa lan lesane mung siji.
Nah sebenere apa seh kang diarani jejer, wasesa lan lesan iku?
- Jejer (subjek) yaiku perangan kang dadi bakune ukara.
- Wasesa (predikat ) yaiku perangan kang ngandharake jejer.
- Lesan (objek) yaiku perangan kang diender utawa dituju.
Ukara lamba uga diarani ukara tunggal.
Ukara lamba iku wujude ukara crita utawa kandha (kalimat berita).
Contoh ukara lamba lan perangane:
Ibu tumbas sayur.
- Ibu: jejer
- tumbas: wasesa
- sayur: lesan
Bapak maos koran.
- bapak: jejer
- maos: wasesa
- koran: lesan
Mas Galih nyancang sapi.
- Mas Galih: jejer
- nyancang: wasesa
- sapi: lesan
Contoh Ukara Lamba
Ing ngisor ana 25 contoh ukara lamba kang bisa dadi bahan sinau.
- Koran diwaca bapak.
- Ibu tumbas sayur.
- Simbah nitih sepur.
- Sumini asah-asuh
- Adhiku maca layang kabar Suara Merdeka
- Tini lagi ndolani adhine ana ing ngarepan
- Yulianta sinau matematika lan basa Indonesia
- Bapak nembe sare.
- Ani nyapu latar.
- Ibu mundhut sayuran ing peken.
- Dina Selasa Mas Joni kelangan jaket.
- Bulik nembe siram.
- Dimas numpak sepedha.
- Bapak sare
- Ibu masak bakmi goreng
- Adhiku dolanan montoran ing ngarepan
- Ratih garap tugas
- Sapine bapak mangan suket
- Bu Jum bakulan tempe.
- Bocah bocah sinau daring.
- Cecak gumantung ing lawang.
- Aku tuku layangan.
- Pasare katon resik.
- Motore bala bali macet.
- Karyawan padha ngaso.
Mangkene panjelasan babagan ukara lamba utawa ukara tunggal, mugi saged migunani kangge bebrayan agung.