√ Tanggap Wacana Basa Jawa: Yaiku, Jenis lan Struktur Teks

Tanggap wacana basa Jawa – Sampeyan mesthi ngerti Presiden Soekarno. Presiden Soekarno minangka presiden Indonesia sing wis kondhang yen pinter tanggap wacana.

Kanthi tanggap wacana sing murub, Ir Soekarno bisa nghipnotis ewonan massa.

Sampeyan uga bisa mratelakake panemume lan pamikiran kanthi tanggap wacana sing apik supaya sampeyan bisa menehi inspirasi marang wong akeh. Tanggap wacana basa Jawa

Nah gegandhengan karo iku, sampeyan luwih dhisik kudu ngerti dhasar dhasar tanggap wacana, arti, struktur teks lan jinise.

Mula ayo nyimak ulasan babagan tanggapan wacana ing ngisor iki kanthi tliti.

Tanggap Wacana Yaiku

Tanggap wacana yaiku ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh/ tamu/ undhangan ) sarana micara sing wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu.

Tanggap wacana uga diarani pidhato (basa Indonesia), sesorah utawa medharsabda.

Medhar sabda asale saka tembung medhar lan sabda. Medhra tegese ngandharake sabda tegese omongan.

Tanggap wacana iku ngomong ing ngarepe wong akeh sing biasane ditindakake dening pranatacara lan pamedharsabda.

“Wong sing nindakake tanggap wacana diarani pamedharsabda.”

Struktur Teks Tanggap Wacana

Tanggap wacana basa Jawa

Strukture teks tanggap wacana lan strukture teks prantacara iku meh padha, sing mbedaake mung ing “isi” (jroning teks tanggap wacana) lan adhicara inti (jroning teks pranata cara).

Struktur teks tanggap wacana utawa pidhato yaiku pambuka, isi lan penutup.

Dene strukture pranatacara (MC) yaiku: pambuka, adhicara inti lan panutup.

Supaya luwih gamblang gatekna andharan ing ngisor iki!

Struktur teks tanggap wacana ana telu yaiku:

  • pambuka
  • isi
  • panutup

Pambuka (Purwaka)

Isine pambuka yaiku arupa salam pambuka, salam pakurmatan lan ngandharake atur puja puji syukur maring ngarsane Gusti Alloh lan atur panuwun marang sapa wae sing keparing rawuh. Tanggap wacana basa Jawa

Salam pambuka sing umum digunaake:

  1. Sugeng enjing/ siang/ sonten/ dalu
  2. Salam khusus sing bisa digunaake assalamualaikum wr wb (Islam), Shalom (Kristen/ Katolik), Om Swastiastu (Hindu) Namo Budhayya (Buddha).
RECOMMEND :  √125 Arane Kembang Bahasa Jawa SUPER LENGKAP!

Dene salam pakurmatan mujudake atur pakurmatan marang sapa wae sing rawuh. Diwiwiti saka sing kalungguhane-pangkate luwih dhuwur nganti kabeh para hadirin.

Andharan (Isi/ Surasa)

Andharan utawa isi mujudake isine utawa inti sarine pidhato sing kudu diandharake dening pamedhar sabda marang para rawuh

Panutup

Isi panutup yaiku ngandharake dudutan (kesimpulan), pangarep- arep, atur panyuwunan ngapura saka para hadirin ngenani sekabihing kekurangan, sarta salam panutup sing diucapne padha karo ing salam pambuka.

Unsur Basa Jroning Tanggap wacana

Tanggap wacana basa Jawa

Unsur basa jroning teks tanggap wacana sing paling becik nggunaake basa krama alus, jalaran sapa wae sing jejer dadi pranatacara kudu duwe pripsip ngagunake lan ngluhurake marang sapa wae sing ngrungokake lan sing kepareng rawuh.

Wujude krama alus yaiku basa krama lugu kecampuran krama inggil.

Krama lugu digunaake kanggo awake dhewe, dene krama inggil kanggo wong sing kudu diajeni.

Supaya luwih paham babagan unggah ungguh basa, kudune sampeyan maca ing:

  1. Unggah Ungguh Basa Jawa
  2. Kamus Krama Inggil A-Z

Kanggo tuladha, coba gatekna penganggone basa krama sing bener lan sing salah ing ngisor iki.

Panganggone Basa Sing Luput Panganggone Basa sing Bener
Anggen kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan menika saperlu badhe paring dhawuh dhumateng panjenengan bab wigatosing kasarasan. Anggen kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan menika saperlu matur dhumateng panjenengan bab wigatosing kasarasan.
Salajengipun kula badhe maringi pirsa dhumateng panjenegan sedaya. Salajengipun kula badhe ngaturi pirsa dhumateng panjenegan sedaya.
Mekanten kalawau andharan ingkang saking Bapak Kepala Sekolah, mugi mugi menapa ingkang sampun dipunaturaken kalawau wonten gina paedahipun. Mekanten kalawau andharan ingkang saking Bapak Kepala Sekolah, mugi mugi menapa ingkang sampun dipundhawuhaken kalawau wonten gina paedahipun.
Amargi nggen kula rawuh kula menika kalawau telat, pramila kula mangke inggih boten kesesa kondur. Amargi nggen kula sowan kula menika kalawau telat, pramila kula mangke inggih boten kesesa wangsul.

Panganggone unggah unggah basa ing tanggap wacana kudu bener, amarga yen salah, mesthi bakal diguyu wong akeh.

RECOMMEND :  √ Tedak Siten Jawa: Pengertian, Perlengkapan, Waktu dan Makna

Jinise Tanggap Wacana

Tanggap wacana basa Jawa

Jinise tanggap wacana ana kang diperang miturut kahanane lan uga ana kang diperang miturut isine.

Miturut Kahanane

Miturut kahanane tanggap wacana kaperang dadi telu yaiku:

  • Kahanan Resmi

Tanggap wacana resmi lumrahe ditindakake dening para penjabat ana ing acara kang resmi kayata pidato kenegaraan, upacara HUT RI, upacara HARDIKNAS.

Pidato utawa tanggap wacana jenis iki ditindakake sarana nganggo teks, lan kaiket kelawan wektu lan isine.

  • Kahanan Setengah Resmi

Tanggap wacana jenis iki tetep ngetokake kesan resmi nanging ora kaiket wektu.

Isi pidato setengah resmi tetep kudu runtut nanging isih bisa dikembangake, dadi ora kaiket naskah.

Tuladha pidhato setengah resmi kayata tanggap wacana serah terima penganten.

Lumrahe pidato jenis iki ora nganggo naskah, lan cukup nganggo cathetan secuwil kang isine pokok pokok pidhato.

Tanggap wacana basa Jawa

  • Kahanan Ora Resmi

Jinis tanggap waca kang pungkasan miturut kahanane yaiku pidato ora resmi.

Ing pidhato ora resmi pamicara bisa ngandharake babagan kang pas karo kahanan lang pamirenge, ora kaiket dening wektu, umpamane ana ing patemon warga ngrembug apike RT kang ditindakake dening Pak RT karo para warga kanthi santai.

Miturut Tujuane

Miturut tujuane tanggap wacana utawa pidato uga kaperang dadi telu yaiku:

  • Kanggo Menehi Hiburan

Pidhato jenis iki katindakake nalika ing acara pahargyan, hiburan kang tujuane yaiku gawe sumringah, seneng utawa gembira.

Pamicara uga ngandharake babagan kang nyenengake uga nganggo basa kang kepenak.

  • Kango Menehi Kawruh

Tanggap wacana utawa pidato jinis iki isine ngandharake babagan kanthi secetha-cethane supaya pamirenge mangerteni kanthi jelas, pamicara bisa nganggo conto, bandhingan, katrangan lan liya-liyane kang migunani supaya luwih gamblang.

  • Kanggo Pangajak-Ngajak

Jinise pidato kang pugkasan miturut tujuane yaiku pidato pangajak ngajak.

Ing pidato iki pamicara bakal ngandharake alasan, bukti lan conto kanggo ngajak pamirenge supaya tumindhak padha karo kang dikarepke.

RECOMMEND :  √ Contoh Geguritan Tema Ibu Paling Keren 2020!

Tuladha pidhato pangajak ngajak kayata nalika kampanye utawa promosi.

Contoh Tanggap Waca Basa Jawa

Tanggap wacana basa Jawa

Ing ngisor iki ana tuladha utawa contoh tanggap wacana saka Bapak Suparto ing http://supartoparto.blogspot.com/.

Contoh tanggap wacan ing ngisor iki kamangka tanggap wacana lamaran penganten.

Assalamu ‘alaikum wr.wb.

  • Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten
  • Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
  • Bapa Haji Sumanto dalasan Ibu Hajah Sukarti, ingkang kula hurmati.

Sakderengipun kula matur menggah wosing gati ing ratri punika. Sumonggo panjenengan sedoyo kula derek-aken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Kawoso, awit saking nikmat saha rahmatipun, kita sami maksih pinaringan kawilujengan, kabagaswarasan, saget makempal, silaturahmi wonten dalemipun Bapa Haji Sumanto, kanti kebak karaharjan.

Nuhoni keparengipun Bapa Supriyadi, sekalian Ibu Lasmi, ingkang pidalem Plumbungan Indah Kel. Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kabupaten Sragen, wonten ing ngarsa panjenengan, kula minangka sulih sarira, kadhawuhan matur:

Ingkang Sepisan: ngaturaken salam taklim pangabekti saking Bapa Supriyadi sekalian Ibu Lasmi dalasan sedoyo kulawarga, katur dumateng Bapa Haji Sumanto, sekalian Ibu Hajah Sukarti sakkulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan sagotrah tansah winantu ing kawilujengan, pikantuk berkahing Gusti Ingkang Maha Mirah, Allah SWT.

Kaping kalih: awit saking panyuwunan putra kakung ingkang nomer kalih ingkang nama Bagus YULIAN DWIWARDHANA, anggenipun kayungyun dhateng ingkang putra putri panjenengan, nama Roro ROSMA KARINNA, mila Bapa Supriyadi sekalian Ibu Lasmi ambabaraken krenteking manah dhumateng panjenengan kekalih.

Ingkang punika, kabekta saking awrating tiyang sepuh, mbok bilih wonten rena ing penggalih panjenengan sak kulawargo, punapa dene sampun tinakdir dening Gusti Allah SWT dados jodhonipun Mbak ROSMA KARINNA, dipun suwun dadosa jatukraminipun Mas YULIAN DWIWARDHANA ing salami-laminipun.

Wasana, panyuwunipun Bapa Supriyadi sekalian kala wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring wangsulan utawi ananggapi sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan.

Mbok bilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten cicir ceweting atur satemah mboten damel rena ing panggalih, kula nyuwun agenging samodra pangaksami.

Wassalamu ‘alaikum wr.wb

Kesimpulan

Saka andharan tanggap wacana ing dhuwur bisa ditarik dudutan:

  1. Tanggap wacana yaiku ngandharake gagasan marang wong liya (para rawuh/ tamu/ undhangan ) sarana micara sing wis kasusun kanthi tata urutan lan paugeran sing becik ing adicara tartamtu.
  2. Struktur teks tanggap wacana ana telu yaiku: Pambuka, isi lan panutup.
  3. Unggah ungguh basa kang digunaake ing tanggap wacana yaiku basa krama alus.
  4. Jinise tanggap wacana keperang dadi loro yaiku: miturut kahanane (resmi, setengah resmi, ora resmi) lan miturut tujuane (menehi hiburan, menehi kawruh lan pangajak ngajak).

Cekap semanten, ulasan babagan tanggap wacana, muga-muga bisa mupangat tumrap para pamiarsa, matur nuwun.

Rererensi:

Buku Bahasa Jawa Kelas 9 untuk SMP/ MTs Oleh Tim Bakti Guru Kab Blitar

Add a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *