
Istilah jroning drama basa Jawa – prekara sing asring ditakokake nalika sinau babagan drama tradisional Jawa yaiku istilah istilah jroning drama.
Sejatine istilah jroning drama nganggo basa Jawa persis padha karo basa Indonesia, nanging biasane bocah-bocah bingung arep nerjemahake dadi basa Jawa.
Dadi ing ngisor iki ana sawetara definisi istilah drama basa jawa, muga-muga bisa migunani.
- Alur yaiku urut-urutane prastawa ing crita drama wiwit saka prolog, klimaks, nganti tumakane pungkasa crita. Waca: Unsur intrinsik drama.
- Asisten sutradhara yaiku wong sing mbiyantu ugase sutradhara.
- Audience yaiku wong wong sing padaha nanonton pagelaran drama.
- Backdrop yaiku Latar mburi minangka layar mburi. Kain sing bisa digulung utawa diangkat lan diturunake lan nggawe latar mburi panggung.
- Casting yaiku pamilihan tokoh/paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama
- Dialog yaiku pacelathon ing crita drama
- Epilog yaiku pesen sing diucapake ing panutupe crita drama
- Flashback yaiku crita drama sing lumakune mundur
- Figuran yaiku paraga drama sing mung dienggo ganep-ganepan wae.
- Gesture yaiku gerakan utama, yaiku gerakan tangan, sikil, sirah lan awak umume sing ditindakake pemain.
- Improvisasi yaiku mobah mosike paraga drama kanthi dadakan manut situasi lan kondhisi.
- Konflik yaiku pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane ing drama
- Kostum yaiku minangka sandhangane para pemain sing dienggo nalika mainake tokoh crita ing panggung.
- Layar yaiku minangka kain tutup panggung ngarep sing bisa dibukak lan ditutup yen dibutuhake. Ora kabeh tahap dilengkapi layar.
- Lighting yaiku tata lmapu jroning pagelaran drama.
- Mimik yaiku obah mosike polatane para paraga jroning main drama
- Monolog yaiku paraga drama nalika guneman ijeng ing panggung
- Montase yaiku iguh pratikel anggione mernata pagelaran drama.
- Panggung yaiku panggonane paraga meragaake drama. Biasane digawe luwih dhuwur tinimbang kursi pamirsa, dadi pamirsa jog mburi bisa uga nonton apa sing ditampilake para aktor ing panggung.
- Paraga yaiku tokoh ing crita drama
- Paraga protagonis yaiku paraga sing kadhapuk tumindak becik ing crita drama
- Paraga antagonis yaiku paraga sing kadhapuk tumindak ora becik/ala ing crita drama
- Paraga tritagonis yaiku paraga sing minangka dadi panengah antarane paraga utama karo paraga antagonis.
- Plot yaiku lelakune crita jroning drama
- Prolog yaiku purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog
- Setting yaiku panggonan lan wektu dumadine crita drama, utawa tatacara panataning panggonan utawa panggung.
- Skeneri yaiku paesan sing ndhukung lan ningkatake swasana drama.
- Skenario yaiku naskahe drama utawa sandhiwara.
- Sinopsis yaiku ringkesane crita drama.
- Sutradara yaiku wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama.
- Wong sing mimpin lan ngatur lumakune crita drama yaiku sutradara.
- Pesen sing diucapake ing panutupe crita drama yaiku epilog.
- Pamilihan paraga/tokoh sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama yaiku casting.
- Paraga panengah antarane paraga protagonis lan antagonis arane paraga tritagonis.
- Purwakane crita drama sadurunge miwiti dialog diarani prolog.
- Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane ing drama diarani konflik.
- Pasulayan ing antarane paraga lan paraga liyane diaranai konflik.
- Pamilihan paraga sing kadhapuk dening sutradara ing lakon drama arane casting.
Mangkene ulasan babagan istilah istilah drama basa Jawa. Muga-muga bisa migunani kanggo kabeh sing maca. Matur suwun.
Sumber: PBT Bahasa Jawa kelas 9 Semester Ganjil Dening Tim Bakti Guru Kab Blitar
http://ilmurrobot.blogspot.com/2014/09/bahasa-daerah-jawa.html