Geguritan Tema Katresnan Cinta – Ada banyak cara yang dapat dilakukan untuk mengungkapkan perasaan hati, salah satunya dengan berpuisi. Puisi dengan bahasa Indonesia mungkin kita sudah sering mendengar, namun bagaimana dengan puisi bahasa Jawa?
Geguritan Tema Katresnan Cinta Penulis yakin, sangat sedikit dari kita yang pernah mengungkapkan isi hati dengan puisi berbahasa Jawa atau disebut Geguritan.
Geguritan Tema Katresnan Cinta Padahal, geguritan bahasa Jawa tidak kalah indah. Benar-benar tak kalah indah. Ada banyak kosataka nyentrik yang dijamin bisa mewakili perasaan kamu, bahkan untuk sekelas urusan cinta.
Perhatikan petikan geguritan dibawah ini.
TABUHANE NIYAGA
Tumetes udan gemricik slaras tabuhane niyaga. Katon apik disawang mata.Waranggana uga kembang gendhing miturut alure wayang. Sarwa runtut, agawe ati kepincut. Lamun bisa tresna iki manut piturut runtuting carita kasebut. Bakal daksambut sliramu ana jroning ati sing semrawut.
Wah, keren bukan?
Geguritan Tema Katresnan Cinta, Dan ini masih satu, ada banyak sekali penyair puisi bahasa Jawa di luar sana yang telah menciptakan geguritan-geguritan indah dengan berbagai tema.
Geguritan Tema Katresnan Cinta, Dalam beberapa artikel yang lalu kita juga telah mengulasnya dalam kumpulan geguritan bertema pendidikan, lingkungan, pahlawan dan ibu. Jadi, spesial kali ini kita akan sajikan kumpulan geguritan bertema katresnan atau cinta, seperti apa? Simak di bawah ini!
Geguritan Tema Katresnan Panjang
Orang orang memiliki selera berbeda dalam membuat geguritan, ada yang suka panjang sehingga mewakili isi hati. Ada pula yang suka pendek dan mengena.
Geguritan Tema Katresnan Cinta, Geguritan tema katresnan yang panjang dapat berisi hal yang lebih banyak, seperti misalnya kekecewaan, kesedihan dan harapan sekaligus.
Jika kamu suka geguritan yang panjang seperti ini contohnya.
Aku Duwekmu Wingi Iki
Dening: Isnaini D Pramusinta
Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan
Apa sejatine ?
Kang ngganjeln ing njero manahmu ?
Tegese luh kang tumetes ing pipimu
Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa ngawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku
Senajan ora mesti bisa mungkasi
Lilakna aku andu dunyomu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan
Aku duwekmu wengi iki
Iki ragaku
Iki sukmamu
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa
Gedhe Rasa Tresna
Sumber: geguritantgr.blogspot.com
Pangangen ati bakal tak turuti
Sepiro adohe bakal tak parani
Sepiro angele bakal tak goleki
Amargo gedene roso tresno iki
Iki pangucap seko jerone ati
Dadi janji suci dudu janji lathi
Aku ora bakal ngapusi
Entenono tekone awak ku iki
Tresno ku marang slira mu
Tresno nyoto dudu tresno reko-reko
Tresno tuwuh seko jerone dodo
Tak suwun bukaken ati mu
Gede roso pangarep ku
Biso nyanding slira mu
Urip bebarengan selawase
Mung pati sing biso misahake
Senajan Adoh
Sumber: geguritantgr.blogspot.com
Senajan wis sayah
Sikil iki kudu terus njangkah
Mecaki dowone lurung-lurung suwung
Karep nggayuh kabeh kekarepan sing durung biso rinengkuh
Senajan adoh ing paran
Amung tekat siji sumimpen ing jeroning ati
Iku dadi siji-sijine konco sing ora bakal cidro lan biso di peroyo
Senajan durung nate ketemu
Tan ono roso ragu lan percoyo sliramu bakalan setyo tuhu
Koyo kasetyane lintang rembulan ngancani lakune wengi sepi
Gedene roso pangroso tan biso kabendung koyo tekone ombak segoro
Sumpah setyo tuwuh seko telenging dodo nora mung waton suwolo
Nora ono liyo kejobo pajongko urip mulya sesandingan kalawan siro
Grimis Wayah Sore
Sumber: geguritantgr.blogspot.com
Grimis..
Udan riwis-riwis
Widodari agi nangis
Iku ujare kang winasis
Percoyo keno maido ora opo-opo
Iku mung cerito
Ceritane wong tuwo
Agawe turu kang putro
Grimis ora uwis-uwis
Wayah sore tambah atis
Kelingan si cemeng manggis
Senajan ireng katon manis
Tresna iku Dudu Mung Babagan Seneng
Dening : Albama
Wanci ora tau njangkah mundur
Sing tak karepke mung wektu kang bisa diulur
Nanging tresna iku keabaden sing ora yekti
Perjuangan sing ora kenal menang
Uga rasa sing ora bisa disuguhake
Sanadyan wis kawit awal ditemtokake
Manungsa bisa nglarani wong sing ditresnani
Krasane uga lara saktemene
Lan saiki…
Aku wis mangerteni tenan
Yen sawijining carita ora aweh mung isine babagan seneng
Amarga kanggo opo manungsa dilairke menyang bumi
Yen mung kanggo seneng seneng
28 Agustus 2019
Kapang
Menawa rasa matine ati
Mesti jiwa tansah kapang
Umpama ati kapenjara asmara
Apa bisa jiwa ngapusi
Menawa saperangan ati ngantu- antu
Mesti separo liyane ngenteni
Umpamane setengah ati tansah “han” jaga
Bisa ora saperangan liyane nglaleake
Menawa ati tiba sengsara
Mesti jiwa luwih lara
Pujaning atiku…
Apa sing bisa tak tindakake
Aku mung wanita sing kakungkung geni asmara
Wanita sing atine wis kadusta
Apa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kelawan sing ndusta ati
Sing pada-padane laksana kidung swarga sing ngalun-alun ing karnaku
Sing nggawe kentir kapal jiwaku ing tengahing samudra rasa sing tan winates
Ngreksa rasa, Ngreksa Tresna
Sumber: Symbianplanet.com
Rong puluh tahun wes lumaku
Tansah ndak simpen rapet jroning kalbuku
Ora isa luntur denig lumakuning wektu
Amarga iku tulisan-tulisan Gusti kang kudu dilakoni
Ora isa ilang esem manismu
Ora bakal musna sorot netramu
Pra dak selaki aku nate nyimpen rasa
Kang nate nancep mring kalbuku
Endahing crita kawuri tansah dados memori
Rina trus lumaku nyedekki ratri
Baskara meh angslup gumanti candra
Anonim
Tandha Katresnanku
Dening: Arya Esa Mahadewa
Wiwit kok tulisake tresna iku
Manuk-manuk kepodah padha geguyonan
Ing pang-pang godhonge waru
Ijo enom lelagone langit biru
Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar
Martakake dino bakal ora kemendungan
Wiwit kok kandakkake tresna iku
Liwat kali ndak kinthirake perau godhong pring
Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu
Ape playon langit ing pucuking alun
Banjur tak tunggu tekane ngawa warta
Wiwit kok kidhungake tresna iku
Apa aku kudu lumaku sakdhuwure angin lan segoro
Njupuk kembang srengenge kang mletek
Banjur ndak slempitake ing kupingmu
Kareben nambahi brantaning ati
Sanjerone ati iki, yayi…
Ana panandhang, sekirane mung kowe kang bisa mangerteni
Liwat getering angin kang sumilir
Sadawaning laku lan sepi tak critakake
Yen to….semengko bakal nyawiji
Jodohku
Dening: Zahrotun Nurul Fatmi
Sliramu sing saiki tak tresnani
Apa ya sliramu….. ?
Sing arep ngerteni aku saklawase
Apa ya sliramu…. ?
Sing arep njogo aku saklawase
Apa ya sliramu… ?
Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa ya sliramu….?
Sing arep melu ngerasakake bungah lan resahku
Apa ya sliramu…?
Sing sesuk arep dari kanca uripku
Duh Gusti
Paringi pitedah kangge aku
Apa iyo iki jodohku?
Kintaka Tengah Wengi
Sumber: ceritakuiki.blogspot.com
Rikala dakbukak byak
Dudu kintaka jaman purba
Cumlorot rembulan ana cecarang wit randhu
Nggawe ati syahdu
Dakwaca katon tliti
Tetembung ing layar kaca
Ywa kaya aku, kowe datan kuwawa
Iki crita jalau nduwe margana
Tumuju kayun, kayune asmara
Rasa iki ngebaki, ngudara
O.. Rika nggurit yen kowe tresna
O.. Kintaka tengah wengi bakal kelingan nganti mati
Tresna
Dening: Erlita Fajrani–
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
Tresnamu bisa nekakake mega
Nanging saiki tresnamu kaya dahana
Awit aku mbok tinggalna
Langit data peteng
Ora ana candra apa maneh kartika
Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela
Maruta, kandhakna yen aku isih tresna
(Sumber: geguritan.com)
Dluwang Njero Laci
esemmu kang pungkasan isih tak simpen
tansah tak ronce ing telenging ati
masio mung dadi pengangen-angen
wus telung windu lumaku
gawang-gawang wewayangan iku
tansah jejogetan ing manik-manik mata
iki cerita purwa tumrap aku lan sliramu
ing meja pojok mburi ngisor jendela
nimas …..
apa panjenengan pirsa .. ?
yen ana dluwang sak lembar keri ing laci
meja pojok mburi ngisor jendela
kang ora nate kawaos nganti purna
meja pojok mburi ngisor jendela
nyimpen tulisan kang durung kawaca
sak suwek isi lembaran crita
ana sak larik ukara kang durung cetha
rasa kang tansah ngumbara
tekan seprena aku ora ngerti
apa kuwi ukara lan rasa tresna
dluwang njero laci …
yo kuwi crita kang kari .. mung dadi memori ..
(Sumber : www.ekasulistiyana.web.id)
Tresnaku-Tresnamu
Dening: Biyung Amie Williams
Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Iki tenan apa ngimpi ?
Sliramu jumeneng nyunggi katresnan
Panggah ora owah
Dinodhog rasa jroning dhadha
Meh wae aku kantaka.
Angenku daklarak ing pangumbaran
Telungpuluh loro warsa kepungkur
Kangmas,
Rasa tentrem rinengkuh ing astamu
Edhum nyawang sorot netramu
Aku katrem, aku kasmaran
Engga wektu jumangkah mlaku
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Kelindhes wektu
Daktantang daktanting ora maelu
Sansaya adoh lumayu
Tangeh anggonku bakal ngluru
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput …
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.
Sing Ilang Ben Ilang
Dening: Iswahyudi
Saupamane ngerti isine atiku…
Ra bakalan kowe ngilang
Kaya pedhut kang kasaput srengenge
Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing
Nambah eluhku nelesi pipiku…
Kabeh wus ora kena digetuni,
Sebab jodho rejeki lan pati…
Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa
Sing ilang ben ilang…
Ra bakal dak gayuh maneh
Cukup sakmene kanggo riwayat
Kanggo sasine lelakon urip,
kowe lan aku kudu nrima legawa
(Sumber: geguritan.com)
Katresnan Wengi
Dening Ahmad jenggo Sriaji (Wattpad)
Lintang kumleyang
Kaya jejogetan ing tawang
Keterak angin nigas wengi
Nalika dak gambar wewayanganmu
Ing langit biru
Nimas, lilakna sedhela
Salehna sekabehing sanggan
Nalika awan
Ayem jenjemna rasa
Maskumambang
Ilangana ati kang wawang
Wengi iki aku slulup ing geguritan
Nyeleh rasa ing pangkone katresnan
Nimas, sawangen bulan
Lan edine langit kalangan
Pangulandara selehna sauntara
Wengi Dak kekep kekarepan
Ilang rasa sumelang
Katresnan
Kasigar mbulan lintang
Ponorogo, 21 April 2019
Kidung
Dening Ahmad jenggo Sriaji (Wattpad)
Alusing kulit tumus jiwa ragamu
Lairing budi pangarasku
Dadi gedhe rasa kangenku
Oh, Nimas
Ing jaja sumendhe pangajabmu
Dak aras katresnan saka atiku
Pangangenku, lathimu kawetu,
“Wengi iki, Kang
jenjenm atiku tentrem rasaku,
pasrah lintang rembulan
Ing pangkonmu”
Geguritan Tema Katresnan Singkat
Kebalikannya, jika ada geguritan yang panjang, tentu ada pula geguritan yang pendek.
Geguritan yang pendek yang bagus adalah yang mengena. Jadi, setiap kata yang ada harus “mentes lan mantesi”. Seperti ini contoh geguritan katresnan yang pendek.
Bumi
Bumi anggone ngujar janji.
Langit sing dadi seksi lan ati sing nglampahi.
Jalaran wektune tan kena cedha abadi kaya saiki, apa bisa kita nglampahi?
Jenengmu wis ngebaki donga ana tengah wengi.
Angarep-arep ridhoning Gusti.
Ngenam Kepang
Mangsane ngenam kepang
Dhawuhe Pak Dhe, ngenam ikatan pring digawe kepang. Umpama dakganti ngenam tresna supaya dadi abadi, apa bisa ?
Dhawuhe Bu Dhe, “Kowe iku ibarat ngenam klasa”
Tiwas omong disamber wong liya.
Tabuhane Niyaga
Tumetes udan gemricik slaras tabuhane niyaga.
Katon apik disawang mata.
Waranggana uga kembang gendhing miturut alure wayang.
Sarwa runtut, agawe ati kepincut.
Lamun bisa tresna iki manut piturut runtuting carita kasebut.
Bakal daksambut sliramu ana jroning ati sing semrawut.
Rembulan Wes Remeng
Delengen, cumlorot rembulan wus remeng ngebaki kahanan.
Ing kulon, pedhut nglarapi cahyaning lintang
Sadurunge jangkrik bali menyang panggonan
Simpen apa sing disawang ana sesandhingan
Nadyan ngitung dina bakal kelangan
Amarga rika wus kadhisikan liyan
Kalegan
Srebet sumilir angin anggawa katresnan
Dakdonga mring Sang Pencipta Kahanan
Mugi sliramu bakal kalegan
Masiya aku nandhang kaseksan
Ginubet
Kowe lan aku wus diukir ing angkasa.
Paribasan toh-tohaning nyawa.
Ridho wong tuwa ya wis tumeka.
Enggal nuli ngencanakake rencana.
Nanging, tresna anyar ngebaki jroning dhadha.
Ginubet sansaya nyiksa.
Tumekang janji anggawe cilaka.
Ana rong ati ngumbar asmara.
Sarwa apik ibarat rinengga cahya.
Swarga ngendi bakal daktampa?
Jaladra
Jaladara ngebaki cakrawala
Kaya-kaya kelangan sukma
Rikala kasetyan iku wus cidra
Kena apa aku taksih tresna ?
Tumuju Gusti
Tumuju Gusti Pencipta jagad sejati
Berkati kula nglampahi ujaran janji
Tetep setya mring tiyang ingkang dipunpilih ati
Supados saged urip ing swarga adi
Tembung Saroja
Kowe lan aku dudu sepasang tembung sing ditakdirake dadi saroja.
Ananging, separo crita sing wis cidra sadurunge diwaca.
Rengkuh
Atiku wus ora kukuh.
Banjur digumantang.
Liyan sing direngkuh.
Beku
Srengenge sansaya pepadhang gumantul ana carang.
Nanging ora madhangake praupanku.
Bumi sansaya panas.
Nanging atimu taksih setya ngebeku.
Jendela
Ing njero ruang iki wus takdirmu, ananging jendela ngendi sing kok bukak iku pilihanmu.
Dalan
Kowe wis dipilih karo dalan sing nyimpang kari ngendi sing miturutmu dalan paling nyaman.
Tamu
Lan aku omah, yen ana sing tumeka.
Daktata supaya katon apik dreya.
Yen ana sing tindak, dakbukak byak.
Turahane amung tamu sing mampir terus lumaku.
Yaiku sliramu.
Tamu Rong Larik
Aja sering namu.
Yen kowe wegah rindu.
Pangimpi
Ora ana pangimpi sing dhuwur
Yen usaha lan donga tansah sumabyur
Ora pernah ngenani tembung mundur.
**Geguritan tema katresnan yang indah ini, semua berasal dari satu web yang luar biasa, https://ceritakuiki.blogspot.com/. Terimakasih
Geguritan Tema Katresnan Ibu
Selain kepada pasangan, katresnan atau cinta juga untuk orang tua kita baik ayah maupun ibu. Berikut ini satu contoh geguritan katresnan kepada ibu.
Untuk kamu yang ingin geguritan tema ibu lebih banyak bisa kunjungi link berikut.
Ibuku
Ibu,
Sakjerone Esemmu Ana Keselmu
Rino Wengi Kerjo, Tanpa Rasa Lesu
Tansah Kua, Tanpa Sambat
Mung Kanggo Aku
Ibu ,
Tetep Sabar Ngadepi Ndableke Awakku
Tetep Nyepurani Salah Polahku
Ngobati Nalika Aku Lara
Nyemangati Nalika Aku Tanpa Daya
Ibu,
Sepurane Ingkang Kathah
Aku Mung Bisa Donga
Mugi Gusti Tansah Ngelindungi
Maringi Kewarasan Twin Rezeki
Ibuku
ibu….
panjengengan kang nglaherno aku
ngramut aku
teko cilik nganti sak iki
ibu……
nadyan ta aku nakal
jiwamu tetep sabar
lan sayang marang aku
ibu…..
sayangmu ora ono tandinganne
ora kenek dikalahno
Demikian kumpulan geguritan tema katresnan kali ini, semoga dapat menjadi referensi.